BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Senin, 08 Februari 2010

GEGURITAN : YAN TOHARI

WENGISING ATI

nalikane suket-suket prigis karenggut angin katiga
impenku kasangkut ing pang trembesi
saglugut ati durung katekan miyak esemmu
geneya ing mangsa iki aku kudu ijen negesake wektu

rilanana aku milihi keceran dedonga, sarta
memitran klawan wengi katlesepan wening bun
saiba angel ngetutake laku sepi sing pijer samun
nawakake sagarit pawarta kapang saka kampung

nimas, endi maneh sacangkir omben manis
sumurupa ketiga wis sawetara nggerus isi dhadha
kareben awan iki tembang-tembang kaprungu
milihi swasana sing pingget dening kawengisan ati

Karangdowo, Klaten, 2007


ING JANGKAH SING ISIH KADHUNG

ing jangkah sing isih kadhung
ngendi dununge urip untung
kabegjan sasat kelangan keblat
uripku uripmu tembang urip-uripan
cilik entheng kumanthil ing pang-pang papringan

bapak simbok wis kesel nggone tombok
jaman kerep slenca ing petungan
banjur kapan tekane ratu adil
kang bisa muter taman sriwedari
cumondhok ing saben ati

marang panjenengan sing ngagem iket dhablang
ing gigir sinengkelitan keris warangka ladrang
sora seru santering wicara selot angel kategesake
nganti jaman kerep udan salahmangsa
atiku durung tamat jlumati sakeret pakartimu

ing kene sing sumisa
amung sagedheng rasa panarima
kanggo dulang anak bojo kita
sing wis mataun-taun keliren dening rasaning rasa

Karangdowo, Klaten, 2008


APA ISIH PAEDAH

apa isih paedah dakukir rembulan
kanggo mbasuh sedhih lan perih
temah wengi datan ana maneh pedhut
kang dadekake ati selot kepagut ing guna dhesti

apa isih paedah dakreronce cahya lintang
kanggo nuruh rasa getir kang nggubet dhadha
temah wengi datan ana maneh impen aneh
kang pijer nglelaga kanthi tembung-tembung ngayawara

ing kene,
ing wanci dupa isih kumelun
kembang-kembang kaduga ngimpu gandrung
sarakit sesaji lan rapal tambal sakalir sengkala
kepengin dakjarwakake sapantha jelih pangaru-ara

wis puluhan mangsa angen nusuh ing tlatah samun
pindhane carang gapuk kanggo urup-urup keren
jangkahku keblasuk marang poyang-payingan
kabeh wektu lebur kontal ing gelak mangsa
temah urip panggah ketangsang awang-awang

Karangdowo, Klaten, 2008


WOLAK-WALIKING JAMAN

wis ora ana maneh tepa selira
ing atiku apadene atimu
ing dina iki sakehing laladan malik pabaratan
endi curigamu iki curigaku
kita tegesake saben tembung kanthi pepetungan

wis ora ana maneh budaya
ing latarku apadene latarmu
malik dadi gedhung-gedhung tundha perwasa
ngilepake ringkihe joglo lan gapuke pagupon
medhotake gang pekaranganku lan pekaranganmu

aja mboktangisi,
jalaran kudu mangkono lakune kodrat
kita wekasane amung bakal dadi perangan lawas
kang kudu rila kaganti dening rerenggan anyar
temah jejibahan bakal paripurna

Karangdowo, Klaten, 2008

MARANG SIBU

marang igamu sing kajejet sorot cahya rembulan
papan edhum ngeyupake panasing panguripan
nyelehake sagerbong sesanggan lan maewu tatu
nawarake rerungkutane sukerta, saengga
aku gandrung ing sewu taun pamengkumu

bun kang ketes saka payudaramu prasasat segara madu
papanku gegojegan sinambi necep aruming cahya lintang
wus kandel kulit wus atos balung asil rerajutane sih tresnmu
o, satemene aku mutiara jroning geter ilining getihmu

sibu, awit saka sorot sunar netramu
aku wani nantang tekaning dina sesuk
nyrambah jembaring laladan sing katuwuhan alas cecangkriman
negesake urip kanthi rapal mantra-mantramu
kang mboktlesepake ing sela-selane keteg jantungku

sibu, awit saka ririh ruruh raras pangandikamu
nedya dakadhepi pangamuke sukerta jaman
njlumati wewadine dina mbaka dina kanthi dhadha ngliga
ngasorake rungkut rengket rungketing panguripan
kanthi ampuhing rasa eling klawan waspada

Karangdowo, Klaten, 2008


SEPULUH TAUN REFORMASI

natkala sore nggarisake lamis turut cakrawala
dakjawil sliramu lumantar gurit ukara sinanggit
sumurupa ing dalan iki ing wayah dungkap san gawe
duksemana, ing bunderan prapatan gladhak
maewu todhi mbedhah kutha kang kebak warisan iki
dene saiki apa awakmu wus lali?

durung suwe apa sing kinaran reformasi
ganda budaya iku malik dadi wenguring dahana
toko-toko kajarah, dalan-dalan dadi samodrane tembung misuh
sliramu lan aku mbujung larahan warta duhkita
pirang-pirang kuwandha dadi kayu obonge jaman

banjur apa kang kuwawa kaundhuh
apa mung ilining banyu bengawan
sing ngelem saben mangsa udan?

kaya ora ana owah-owahan sepuluh taun babahane jaman
beras, lenga, lan sakathahing rega kaya sansaya nglelaga
utang-utang kita amung bisa kasaur klawan tali plastik
sing kudu njiret gulu dening tangan-tangan kita dhewe

apa mangkono garising nasib
sing tinulis ing panguripan kita
dudu kalah
nanging salah ?

apa mangkono garising nasib
sing tinulis ing panguripan kita
dudu owah-owahan
nanging nandhang owah ?

Karangdowo, Klaten, 2008


SANGAREPE BENTENG VASTENBURG

sapandurat aku kangelan ngluru werdining esemu
sangarepe benteng vastenburg sliramu banget ngujiwat
prasasat wangine lumut kang nlusupi tembok tuwa
kapangku mbedhal nggeget lambemu sing panggah abang
lan kita kekanthen lumayu sauruting alun-alun lor
nyritakake ukiraning tresna
sing kapacak ing wengi-wengi nakal

rikala rembulan aclum sapucuke ringin kembar
kanthi apa aku kudu blaka mring awakmu
samangsane gurit wis dadi barang aneh ing jaman iki
salawase iki – uripku maksih katlikung rasa bingung

nimas, durung asat isine gelas
ayo bareng kita nikmati wengi sing mendem kadursilan jaman
kanggo apa sliramu ngersula mring kanyatan sing ora nate adil
kapan wae urip bakal mangkene lakone
ibarat esemu
sing tansah nggodha
lakune pandom wengi

ibarat swara angin
sing tansah nggondhol lebu-lebu ratan gedhe
embuh mengko ngendi tibane…

Karangdowo, Klaten, 2008

SEJATINING ESEM

magurua klawan Ken Dedes nareswari Singasari
sing ing lambene cinipta esem sejatining esem
pinulas otot-bayune birahi lan landhep curiga
kongas keladuk sekti ngujiwatake jejangka
rikala jaman wis tan metungake sawernaning ruwang lan wektu
apamaneh sing luwih perwasa saliyane esem lan pepaeka

magurua klawan Ken Dedes sing kekidungan mantra gendam
nyidikara karosane Tunggul Ametung kanthi sejatine esem
temah kekuncaran malik dadi kanisthan

sumurupa dina iki endahe donya amung sagegem ukara
kagendhingake ledhek kethek lan kenya-kenya dhiskotik
sumebar ana dalan-dalan lawas lan gedhung-gedhung tuwa
nadyan mbokuber ing lembar-lembar kamus susastra
tan ana sijia rumus kang wasis ngreka abang-ijone donya
kajaba eseme Ken Dedes sing nitis ing pojok-pojok kutha

Karangdowo, Klaten 1997


NEGESI LUMUNTURING SEPI


aku kepengin dadi suket teki mrajik urut gariting mangsa
ngrenggani dalan panuwunan kanthi cundhuk bening bun esuk
tetembangan bareng tumiyunge godhong-godhong wektu
ngancani gagat rina sesendhonan klawan bocah-bocah angon

dakkirih rasa kanggo negesi lumunturing sepi, klawan sliramu
mbebedhag ing rungkuting wengi mbeburu klawan keteging samun
mara prasajaa, mumpung tlatah iki durung kinepung lendhot porong
sarta isih kasisan damar kang dadi colok methik pentil-penting pasemon
dadekna wengiku kapanjingan ewon ampuhing japa mantra

aku kepengin dadi suket teki thukul ing sela-selaning rungkut nasib
ngajak sliramu mbujung cecangkriman: endi endahing sih tresna
nyantang baita samun nyabrangi wewadining kedhung panguripan
: apa isih ana ing jaman iki, sepi kinarya santang njajagi jatidhiri
nylulupi mutiara jiwa kang selot ambles ana hera-heruning dhusta?

Karangdowo, Klaten, Januari 2007


TETALINING ADI

lumantar sumiyuting angin daklari swaramu
dumeling saselaning kumitir alang-alang
kang sesendhonan klawan cahya lintang
e, tetela endah ukara kang tinata ing ros-ros pasuketan
pranyata sih tresna iku minangka tetalining adi
yen getihku getihmu mrentul saka tuk sumber kalbu

aja mbokumbar ati iki nlasaki lelungidaning pepalang
gendera-gendera ora cukup dadi pacaking tengara
njlumati wewadi sing kita temoni sadawaning rina-wengi
maragage kita ngempakake sih tresna dadi ujubing senjata
upama sliramu gendhewa, aku kang dadi warastra

Karangdowo, Klaten, 2002

7 komentar:

  1. mas yan, kula kepengin saged damel geguritan kados menika. Kula kedah kados pundi?

    BalasHapus
  2. wah puisi jenengan ya apik-apik kok.
    Sami ta kadosdene damel puisi/sajak.
    Ngaten...
    Maturnuwun awit kawigatosanipun.

    BalasHapus
  3. Arti lan maksud geguritan wolak waliking jaman niku apa?

    BalasHapus
    Balasan
    1. wolak-waliking jaman = owah-owahaning jaman (perubahan jaman)

      Hapus
  4. pak, yan. sae leres geguritane.

    BalasHapus