BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Sabtu, 06 Februari 2010

Crita Cekak : REMBULAN KONCATAN MEGA

Cerkak : A. Arief Rachman

Embuh kaya ngapa rupane tresna kuwi. Abang apa putih? Kang nyata wae tresna kerep gawe akeh wong tanpa daya, kalebu awakku. Kaya sing saiki nendheng nggubet ati. Kamangka crita tresna mau wis adoh dakliwati, nanging nalika tunggak mau daktemokake e jebul gelem semi maneh. Iki sing banget gawe mendhelong ing rasa. Ora kanyana patemonku klawan Mas Darman, dadi tenger trubuse maneh lelangen lawas sing wis tetaunan katinggal.

Rasa goreh wis kulina ngreridhu ati. Kalebu nalika wengi iki aku wis ngglethak ana papan peturon. Ora dakselaki ana rasa salah kang pindha ula mrambati dhadhaku. Geneya ora? Nalika turu ana sisihe bojo, ati iki kaduga mikirake wong lanang liya. Saiba kejeme. Nanging kepriyea wae aku ora kuwawa ngipatake wewayangane Mas Darman. Priya sing ora kurang sewindu kepungkur ngrenggani wewengkon uripku. Priya sing nate dakgadhang dadi imbanganku nlasaki mendhak-mendhukule urip iki. Nanging kepara aku milih Mas Doni sawuse aku rong taun katinggal menyang Batam.

Apa ngene iki rasane wong mangro tingal. Mbokmanawa mangkene uga rasa kang tumama tumrap saben-saben ati kang mblenjani. Thukul rasa salah sing kuwawa nyipta goreh ing dhadha. Ewasemana, rasa mau ora kuwawa nungkulake ati kang lagi gandrung. Rasa dosa pilih kadlesepake jero ing lempitan ati. Ngganjel pancen. Nanging ora dakgawe rasa.

“Sepuranen aku Mas Doni,” lirih aku gumresah. Daksawang praupane bojoku sing semune kepenak kaiyun-bandul ing alam impen. Liwat guwayane sing lamat-lamat kasorot lampu kamar nuduhake rasa sing kesel tindhih tumindhih. Mbokmanawa pakaryan kantor sing akeh dadekake awake sayah banget. Maneh rasa dosa ndhodhog dhadha, ing ngarepe bojo sing kasayahan awit sadina wutuh makarya nyukupi butuh, geneya aku culika mikirake priya liya.

“Sepuranen aku Mas….,” pisan maneh aku gumresah.

Saora-orane telung pihak kang dakkianati ing omah iki, kanggo ngrasakake rasa endah semu sing saiki lagi nguwasani ati. Sepisan, sapa maneh yen dudu Mas Doni, priya sing luwih enem taun iki ngrenggani dina-dinaku. Priya sing kanthi sawutuhe makarya kanggo paweh kabagyan tumrap aku, wong kang dadi perangan uripe. Malah priya iki uga sing wis nandur wiji tresna lan ngasilake woh siji, sawijine Andit, anak lanang kang lucu lan saiki wis trubus dadi bocah kang cukup wasis. Kepara malah aku dhewe kang mutusake nalika kuwi yen dheweke kang wusana dakpilih katimbang Mas Darman.

Sing kaping pindho Andit, bocah sing saiki dadi salah-sijine rerenggan ing bale wisma iki. Geneya, aku tega ngenggokake kawigatenku tumrap bocah lugu iku sing saiki dakdum kanggo wong liya. Andit, pancen salawase iki sing kulina dakanggo piranti nuruti tindak culika iki. Kanthi pawadan njaga Andit, ngeterake Andit, nukokake Andit lan embuh alesan apa maneh kanggo Andit, sing sajane amung dakanggo sapatemon klawan Mas Darman. Ana saweneh rasa kang gumulung ana dhadha lan kuwawa gawe dhadha iki seseg, ewasemana aku tetep ora kuwasa ngipatake dhadhung asmara kang saiki nyeret uripku.

Sing kaping telune, awakku dhewe. Pancen rasa dosa, salah, culika, duraka, lan mayuta rasa lethek liyane kawistara wela-wela gumelar ana ngarep jangkahku. Rasa mau katon ngegla lan kala-kala mbudidaya ngeret jangkahku supaya ora nerusake laku. Nanging, embuh kadayan saka apa. Rasa asmara keliwat rosa. Rasa salah mau ringkih banget lan aku pilih ngapusi awakku dhewe. Wusana sapatemon klawan Mas Darman lan bisa ngronce angen-angen sing nate dakpecaki sakloron iku sing wekasane dakbelani.

“Sepuranen aku Mas Doni, sepuranen ibu Dik Andit….,” pisan maneh ati iki kumlesik nelangsa. Ana luh mrembes ing mripat lan kaduga nelesi pipi ngelingi ana rasa dosa sing meh sagunung anakan nindhih dhadha. Edane, wewayangane Mas Darman uga kumlebat lan angel dakkipatake. Yen wis ngene iki banjur sapa sing kudu daksalahake? Apa kudu lelakon sing kudu daksalahake? Lelakon kang tanpa daknyana nemokake aku klawan Mas Darman?

Iya, ing rong wulan kepungkur, nalika aku bubar ngeterake Andit mlebu les piano, dakselakake blanja ana Mall Solo Baru. Ing tengah-tengahe aku milang-miling golek apa sing entek ana pawon kedadak ana priya pidegsa sing ngawasi lakuku. Mulane aku rumangsa risih, awit menyang ngendi wae aku jumangkah kaya-kaya tansah kabledig dening panyawange. Nganti ing sawijine kalodhangan aku nekat nyolong ulat kanggo ngerteni sapa satemene wong iku. Mak dheg ! Praupan iku, brengos tipis, panyawang landhep lan dedeg priya kang pidegsa. Iki sawijine pribadi sing kaya nate daksipati. Karepe mono aku kepengin ngerti sawutuhe sapa priya kuwi. Nanging jejering wanita, iku ora pantes, mula karep mau enggal dakwurungake.

Ora let suwe malah priya mau kandha lirih.

“Retno…, jenengan Retno ta?” swara iki sing dadekake atiku sabanjure trataban.

“Mas Darman, ya?” sapandurat aku angel kumecap.

Babarpisan ora nate kapikir yen aku bakal ketemu klawan priya iku, sawuse kang pungkasan aku ngeterake dheweke nedya budhal menyang Batam. Aku krungu dheweke wis kulawarga ana kono. Nanging geneya, Mas Darman saiki ana Solo? Ijen pisan, lha garwane. Aku ora wani nlesih. Wolung taun lumaku lan ora ana sedhetik wae nate ketemu, ati iki isih trataban kayadene puluhan taun kepungkur. Natkala aku lan dheweke dadi kanca anyar ing sawijine SLTP ing kutha bengawan iki.

“Jeng Retno kaget, aku bisa ana kene?”

Aku mung manthuk karo mesem. Kaya pisanan kae nalika aku ketemu dheweke.

Wis ana patang wulan iki aku mimpin proyek ana wilayah kene. Sasuwene iku aku ngarep-arep bisa kepethuk awakmu, ning lagi iki bisa kelakon. Piye kabare?” swarane panggah kalem kaya welasan taun kepungkur. Lan kang kalem kuwi sing dadekake aku kepencut nalika pisanan ketemu dhek semana.

“Apik mas, kabeh padha sehat-sehat,” wangsulanku cekak.

“Doni?” pitakone semu abot.

“Apik,” wangsulanku lirih.

“Doni pancen dadi wong begja, dheweke sing kasil darbeni awakmu.”

“Pancen, sepurane mas aku sing luput,” mripatku wiwit kembeng-kembeng. Rasa salah lir sagunung anakan gumandhul abot ing dhadha iki.

“Ora. Sliramu ora salah, jeng. Aku sing luput. Geneya aku nekat budhal Batam.”

“Mas Darman, kondur ijen?” aku nyoba ngenggokake laku kanggo ngipatake wewayangan lelakon lawas sing wiwit ngalela.

Dheweke manthuk.

“Aku krungu jenengan ya wis kulawarga Mas?”

“Ya, tapi kulawargaku gagal.”

“Sebabe?”

“Ah, kaya-kaya ora pantes kanggo dikandhakake,” Mas Darman nguncalake panyawange ing adoh sajanbaning mall.

“Sepuranen Mas yen pitakon iki dadekake jenengan sedhih.”

Mangkono iku sapatemon pisanan klawan Mas Darman. Anehe nuli kasusul patemon-patemon sabanjure. Patemon sing kliwat omber daktindakake, jalaran Mas Doni kulina tindak kantor lan asring sedina wutuh makarya. Pisan pindho aku ngrasakake kaku, nanging ing sabanjure kabotan kanggo nduwa kalamun Mas Darman nawani supaya aku nemoni. Embuh, ana rasa tentrem lan nengsemake nalika aku cerak klawan dheweke. Nalika bisa crita kenangan-kenangan lawas sing nate dakpecaki sakloron. Nggambar maneh wewengkon tresna kang nate mrucut dakkukuhi.

“Sepuranen aku Mas Doni,” sepisan maneh batinku kumlesik.

Pisan maneh daksawang praupane bojoku kang kulmeyang ing alam impen, datan ana polatan cubriya sethithika kang katlisip ing praupane. Dina-dina lumaku sarwa biyasa kaya padat saben. Pancen iki mbokmanawa kagawa anggonku tlesih lan rapi nglempit lelakon iki. Aja nganti ana lembaran lawas sing kaganda dening Mas Doni. Dina-dina lumaku aku kudu bisa maragakake yen ora ana apa-apa ing kulawarga iki.

Kadinene wengi iki aku uga tansah nyandhing turune, lan mengko nangekake dheweke nalika jam wis nuduhake setengah lima kanggo siap-siap budhal kantor. Rencanane dina iki budhal risik, ana patemon klawan saweneh pihak sing bakal makarya bareng. Minangka karyawan ing saweneh perusahaan swasta, Mas Doni kalebu pekerja sregep. Mula tansah cerak klawan pimpinane. Pancen ing pojok ati iki rumangsa mongkog duwe bojo kaya Mas Doni. Saliyane sregep, uga tekun. Prasasat ora nate ana masalah klawan papane makarya.

Ora kanyana wengi wis selot adoh. Jam sing cumanthel ing tembok wis nuduhake jam loro, ewasemana mata iki durung ngantuk. Malah ana rasa sumelang kanggo ngeremake mripat, aja-aja keblandhang lan ora bisa nggugah Mas Doni ing setengah lima mengko. Mak nyat, aku dadi kepengin nginguk ing kamare Andit, mbokmanawa kemule ora pernah.

Tekan kamare Andit, ora beda klawan Mas Doni, bocah kuwi uga polos, turu tanpa ana rasa apa-apa. Mripat lugu kang saglugut wae ora nggambarake rasa cubriya yen ibuke wis kaseret ing tindak nasar. Dakceraki mutiara ing kulawarga iki sing wis dadi perangan endah ana uripku. Daksun pipine kang alus, “Sepuranen ibu ya Nang,” batin iki kumlesik. Saiba gedhe tumpukan dosa iki, geneya ing saksisihe wong-wong kang tulus aku tega tumindak culika. Kepengin sepisan maneh dakaras pipine kanggo nebus dosa, nanging dumadakan aku digawe kaget dening swara saka kamare Mas Doni. Aku menyat lan age-age nuju kamar iku.

“Ana apa Mas?” nalika aku wis nyandhing Mas Doni sing sajak isih gugub.

“Batal, dina iki batal sapatemon klawan pihak sing nedya nggarap gedhung perusahaan,” kandhane Mas Doni karo isih nggegem hp.

“Geneya, Mas?” pitakonku nlesih.

“Iki wacanen dhewe sms saka satpam,” Mas Doni ngulungake hp.

Rencana pertemuan batal. Darman Sukarsa, ditemukan tewas dihotel karena kelebihan dosis .” Sapa? Darman Sukarsa?! Batin iki trataban.

“Darman Sukarsa iku sapa Mas?” pitakonku ora sranta.

“Dheweke kontraktor sing rencanane bakal mbangun perluasan perusahaan, sing wektu iki uga lagi mbangun sawijine super market ing Solo kene. Iki aku nyimpen kartu namane lan ana potone,” age dakcandhak kartu nama sing diulungake Mas Doni.

Prasasat kaya kasamber petir ing tengah awan aku ora bisa ngendhani rasa kaget. Jebul wong kuwi Mas Darman. Dumadakan dhadha iki kaya kepenthung, klawan dakgegem kenceng kartu nama iku dakrenguh ing dhadha. Luh ora bisa dakampah dleweran sasat bendungan lagi jebol. Mesthi wae Mas Doni bingung, lan kebak tandha pitakon.

“Lho ana apa Ret, kok kowe nangis? Sapa Pak Darman iku? Apa sedulurmu? Apa kancamu? Apa ipemu? Apa…?” Makaping-kaping Mas Doni takon. Nanging aku ora bisa paweh wangsulan, anane mung gedheg lan gedheg.

Ewasemana aku ora kepengin ngurubake rasa cubriya sing kaya-kaya wiwit kacethik ing atine Mas Doni. “Aku mung mbayangake Mas, yen kabar kuwi tumama ing aku,” wangsulanku sakenane klawan ngrangkul dheweke.

“Ning kabar iki harak dudu kanggo kowe ta.” Mas Doni males ngrengkuh kenceng lan kaya bisa nampa wangsulanku .

Pisan maneh rasa dosa ndhodhog rasaku. Temene tangis iku dudu amarga kuwi. Ati iki ora kuwagang nampa ilange Mas Darman sing kaya angin. Nadyan ilange Mas Darman, pindha ilang uga mega sing salawase iki ngaling-alingi kaindahan rembulan uripku. Mbokmanawa kudu mangkene pungkasane laku. Mas Darman pancen wis dudu sewindu kepungkur, katitik geneya seda kanthi over dosis. Rasa sukur dakkonjuke mring Gusti, kang nggarisake Mas Doni minangka dermaganing katresnanku. (wis nate kamot ing Majalah Jaya Baya).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar