BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Senin, 05 Juli 2010

Wigatine Ngelmu lan Laku

dening : Yan Tohari


ngelmu iku
kalakone kanthi laku
lekase lawan kas
tegese kas nyantosani
setya budya pangekese dur angkara
(Pocung, Serat Wedhatama Yasane Mangkunegara IV)

Ngelmu iku kalakone kanthi laku. Mangkono uga kang wis dadi laku ing sawetara dina kepungkur. Saweneh ada-ada pendadaran kang kaprah sinebut UN (Ujian Nasional), mujudake piranti pangukur mring kasil lan orane pelajar ngrampungake pawiyatan. Pendadaran aran UN kang kuwawa nglairake werna-werna tumindak, saka gorehing kaum pelajar, was-sumelang para wongtuwa nganti teka pihak-pihak kang nggunakake kanggo kauntungan pribadi.
Ujian Nasional kang trep-trepane teka seprene isih ngemu perdondi - antarane pro apadene kontra - pancen katetepake minangka laku ing pangukur pamungkas mungguh kasil orane siswa ngliwati pawiyatan. Saengga saka kawicaksanan kasebut nglairake panyakrabawa yen lakune pawiyatan prasasat manggon klawan angka-angka ing pandadaran pamungkas iku. Istingarah nyurung pambudi entek-entekan para pelajar apadene wongtuwane murih ujian pamungkas bisa kasil utawa lulus. Emane pambudi sing ngono iku asring nglirwakake angger-angger utama, kang ngregeti kaluhurane pawiyatan.
Lamun kita gelem nyemak klawan apa kang nate katuturake Drs. RPM Sosrokartono, tokoh kang uga kawentar minangka kadang sepuhe RA Kartini iki nggarisake mring wigatine laku ing ngelmu. Manut priya kang kacathet minangka wartawan New York Herald iki, yen ing ngelmu kudu cumondhok anane laku. Dene laku iku arupa manembah mring Gusti lan ngabdi mring sesami. Sawijine pangerten kang nengenake kautaman sarta mengku ing kamulyaning liyan, dudu milik gendhong lali.
Tokoh kang uga kawentar kanthi sesebutan Mandhor Klungsu iki miterangake wigatine laku jroning ngelmu ing larikan tembung mangkene ; ngawula dhateng kawulaning Gusti lan memayu ayuning urip. Memayu awoning gesang : nyuwita, ngawula, bakti dhateng sesami. Lampah kula tansah anglampahi dados kawulaning sesami, tansah anglampahi dados muriding agesang. Wajib tiyang gesang sinau anglaras batos saha raos.
Priyagung putra Bupati Jepara RM Adipati Ario Sosroningrat lan kang kacathet minangka cendikiawan tamatan Universitas Leiden, Walanda iki luwih tlesih nandhesake yen sejatining laku ing ngelmu kudu wewaton ing bebener. Awit saka kuwi bangku pasinaon dudu siji-sijine tuk sumbering ngelmu. Satemene jroning urip lan panguripan padinan akeh gumelar ngelmu kang tanpa wilangan. Ing sakiwa-tengen kita tinemu ngelmu wigati sing kuwawa mbasuh marang kasampurnaning urip sarta mentesake rasa.
Pratelan iku karacik maneh jroning tembunge; pamulangane sengsarane sesami, sinau ambelani lan ngraosaken susah lan sakitipun sesami. Inggih punika ngraosaken lan nyumerepi : tunggalipun manungsa, tunggalipun rasa lan tunggalipun asal. Kanthi mangkono sawijine ngelmu datan darbe aji lamun lakune datan memayu hayuning bawana, tresna asih mring sesama. Balik ing kasunyatan saiki, ngelmu kayadene winates ing semu. Dhuwuring pendidikan lan gelar durung bisa dadi ukuran marang ngawula dhateng Gusti lan memayu ayuning urip. Kepara lamat-lamat nuduhake setya budya pangekesing durangkara.
Maragage yen mindeng kanyatan kang lumaku keri iki, terus katandhing klawan apa sing katuduhake tokoh-tokoh duking uni, salah-sijine RMP Sosrokartono, ateges kita mencelat mundur adoh. Jalaran sing lumaku ing wektu iki bebrayan amung winates ngagungake asil, datan ngemonah laku. Angka-angka Ujian Nasional kang dadi ukuran kasil lan orane pawiyatan siji-sijine bab kang kawawas luwih penting. Dene pakarti sing murugake apike angka mau datan kapetung. Embuh culika apa utama, waton lulus iku wis rampung.
Eman ngelmu jaman saiki amung ditengeri klawan angka, dluwang sasuwek utawa embel-embel gelar. Saka ngendi asale angka, dluwang lan gelar? Kanthi kepriye carane mbudidaya? Kala-kala ucul saka pamengku ngabdi mring Gusti lan memayu ayuning sesami. Datan mokal wasis lan pintere, gelar lan kasarjanane asring dadi underaning kanisthan. Kekejemaning para priyagung kang wuru terus nindakake korupsi dudu winates ing urusan weteng, nanging kamurkan lan kasrakahan kang aneh.
Kapinteran sing kaluru kanthi mikolehake sakaliring cara tanpa kaslempitan larasing batos lan raos, angel kadumuk atine nadyan nguningani kasangsarane sesami. Ngendi-endi kawula ketaman bencana, penyakit, nganggur, urip kesarakat, lsp ewasemana ati tetep kepengin malak. Supe marang sing winastan tunggal manungsa, tunggal rasa lan tunggal asal. Urip kawawas urusane aku lan kulawargaku, aku lan sedulurku sarta aku lan golonganku. Malah kalamun wenanga jagad kaya-kaya nedya kakukut kanggo dhirining pribadi. Gumun setaun, jembleng serendheng.
Wekasane pancen ngelmu iki tetep wigati jroning numapaki ombah-mosiking jaman. Awit sakaliring bab kang sesambungan klawan urip lan panguripan kudu kaayati klawan ngelmu. Nanging sabisa-bisa ngelmu ora winates ditegesi pinter, prigel lan kendel, nanging uga winengku marang laku utama, ngabdi mring Gusti uga ngawula mring kawulaning Gusti. Perlu karacik ukuran tumata tumrap kang kaanggep putus ngelmune. Sawijine bangsa bakal rusak lamun winengku klawan wong-wong bodho. Nanging bakal tambah rusak yen winengku wong pinter nanging murka lan srakah. Ngaten!

Witing Tresna Jalaran Saka Kulina

Yan Tohari (Sanggar Pari Sawuli – Karangdowo, Klaten)


Saweneh kanca wanita teka klawan gembol pitakon, “Geneya awakku dadi kasengsem klawan dheweke?” Durung nganti penulis paweh tanggapan, dheweke takon maneh,”Apa bener iki sing diarani witing tresna jalaran saka kulina?” Yah, pitakon sing keri iki pancen wiwit suwe lan teka seprene pantes dadi rembug. Waiting tresnen jalaran saking kulinten - , mangkono budayawan Darmanta Yatman asring ngandhakake - pancen asring nuduhake kekuwatan, lamun unen-unen Jawa iku dudu ngayawara.
Amung emane unen-unen kasebut dening sawetara pihak ditegesi klawan werdi kang banget rupak. Kadidene kancane penulis ing ndhuwur, witing tresna jalaran saka kulina asring diraketake klawan crita tresna antarane priya lan wanita. Kamangka kulina utawa tumindak kang mawola-wali katindakake kanthi ajeg (pakulinan), iku bakal nuwuhake tresna ing apa wae. Datan ngemungake perkara asmara.
Ora aneh para pinter Barat nyebutake lamun satemene pribadi kita iki tuwuh utawa cures kadayan saka apa kang dadi pakulinane. Embuh salah embuh bener, waton dadi pakulinan bakal katresnani lan kuwawa maujud dadi ciri-wanci (karakter), utawa budaya tumrap saweneh kaum/bangsa. Budaya positif (utama), ngemu panduga bakal jaya. Kosokbaline budaya negative (ala), paweh kalodhangan kanggo sirna.
Budhal anane panemu iki becik kita nlesih maneh klawan apa sing dadi pakulinan kita, munggahe mring budaya bangsa iki. Apa kulina males, mesthi dadi pribadi kang lumuh. Apa kulina nabung mesthi dadi pribadi kang sugih, apa kulina apus-apus mesthi wae dadi pribadi kang julig, apa kulina saru mesthi dadi pribadi lekoh? Apa kulina sinau mesthi dadi wasis, apa kulina gegladhen mesthi bakal dadi trampil?
Umume pakulinan ala luwih gampang lan karasa nikmat ing wiwitane kanggo katindakake, katimbang saweneh pakulinan becik. Nanging kekarone yen katindakake, padha-padha bisa nuwuhake rasa tresna utawa nggathok. Salaras klawan wujud tindake, ing undhuh-undhuhane uga bakal tinemu loro kanyatan. Kulina becik tuwuh becik lan kulina ala bakal tuwuh ala. Bab kang wis dadi pakulinan, merlokake kuwanen sarta kekuwatan luwih kanggo ngowahi. Luwih-luwih yen pakulinan iku ing kaalan.
Jumbuh klawan unen-unen ing ndhuwur, samesthine kita gegulang klawan pribadi kita mring pakulinan utama. Awit pakulinan utama sing kuwawa nuduhake kaluhuran jejere manungsa. Saben-saben pribadi bakal darbe rega lamun bisa nuduhake kadarben kang utama. Dene kadarben sing ala amung selot ngringkihake ajine manungsa iku dhewe. Korup, saru, ngamuk, julig, rakus, lan sapanunggalane, ngatonake ing pribadi mau wis tan metungake maneh ing sipating janma. (*)