BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Senin, 31 Mei 2010

KAWRUH : NGAMBAH MANISING SIH TRESNA

Rasa sing wis banget ketriwal ing pangrasane bebrayan saiki – luwih-luwih baraya agung ing perkotaan yaiku manising rasa sih tresna. Rasa sih tresna, kang satuhune mujudake mutyara jroning urip, yekti minangka bab kang tan bisa kaselaki kuwawa dadi werna, greget, memanis, sarta ukuran ing ciri pribadining manungsa.
Pangersula ing sakaliring kahanan embuh iku akehe tumindak nasar, wengis, julig, goroh lan sapanunggalane, iku kasebab awit ringkih sarta tipising rasa sih tresna. Istingarah wigati wiwit iki perlu ananing pambudi kanggo nirih ati amrih ngambah marang manising sih tresna. Saengga urip karengga manis lan sih tresna dadi werna ing pasrawungan.
Saweneh laku kang kaprah kanggo ngambah ing manising sih tresna manut kapitayan Jawa kasembuh awit bab kang runtut, ajeg lan lumadi. Tindak iki bisa kinaran laku sing kulina utawa pakulinan. Witing tresna jalaran saka kulina, unen-unen iki ora mung wis ngoyot nanging uga temanja buktine. Awit saka kulina bisa dadi tresna, seneng lan karem
Pakulinan kasebut ing ngarep minangka wujud tumindak kang ukurane mesthi yaiku runtut, ajeg lan lumadi. Laku mring apa wae asring thukul saka rerangkene tumindak iku, kang dening wong Jawa sinebut pakulinan, temahan nukulake tresna. Kabecikan iku tuwuh saka pakulinan, kosokbaline bab ala uga mekar saka anane pakulinan. Sugih lan mlarat, bisa lan ora bisa, kabeh winangun saka ajine pakulinan.
Rasa sih tresna kang tipis lan kasisih ing perangan atine bebrayan saiki, awit uga saka pakulinan kang datan maelu rasa kasebut. Embuh kadayan dening laku jaman utawa owah-owahan liyane saengga rasa sih tresna datan kakemonah kanthi becik.
Saben-saben pribadi amung migatekake awake dhewe. Sithik kanggo maelu ing liyan. Kepara sing tambah-matambah ing sadina-dina yaiku rasa anggunggung dhiri, golek menange dhewe, murka lan daksia. Sing kacethik ing pikir prasasat piye bisa angemperana jagad. Kabeh darbekku, manut aku lan panguwasaku. Eman.
Sikep kang kaya mangkono iku umrik ing ati sithik mbaka sithik, ing wekasane dadi gedhe lan sabanjure nguwasani kabeh wewengkoning pikir. Yen mangkono iku temah ati datan kuwawa bedakake maneh endi kang nurut garis kautaman apadene kang nyebal saka paugeran bebener. Mula bab kang perlu kaperdi mring kupiya ngambah wewengkon manising tresna, yaiku ngajak ati supaya kulina ngajeni kagunaning liyan. Urip minangka titah ing jagad raya iki padha ing sasamining urip, sakabehe butuh kaajenan, kaasihi lan kaanggep ngerti.
Minangka pepakeming laku kasebut kita bisa nyianu klawan tembang Gambuh ing serat Wedharaga anggitane R. Ng. Ranggawarsita ; lamun wus sarwa putus, kapinteran sinempen ing pungkur, bodhonira katokna ing ngarsa yekti, gampang traping tindak tanduk, amawas pambeking wong.
Ing pitutur kasebut kaajab ing saben pribadi nadyan pinter aja keladuk nuduhake pinter, kepara api-api bodho. Sikep kang mangkene iki luwih jenak disenengi liyan brayan, tegese bakal dadi tuk sumbering sih tresna, katimbang yen kosok-baline. Ngerti nanging api-api bodho iku luwih gampang ing trep-trepaning tumindak, katimbang bodho api-api pinter, utawa pinter nanging keminter. Awit manut R. Ng. Ranggawarsita jroning pasrawungan mono ing saben-saben pribadi kepengin kaajeni, mula sabisa kita paham klawan drajating saben-saben pribadi, amawas pambeking wong.
Manut Les Giblin pakar hubungan masarakat lan penulis buku kondhang The Art Of Dealing With People uga nate nandhesake lamun kanggo mbangun swasana sih tresna ing pasrawungan bebrayan iku tinemu ana papat, yaiku nglengganani yen (1) manungsa iku kabeh egois, (2) luwih kesengsem klawan pribadine dhewe katimbang wong liya, (3) saben wong kepengin kanggep penting, lan (4) saben wong kepengin wong liya tansah sarujuk klawan panemune. Panglengganan ing papat bab kasebut kaajab bisaa nglairake sikep yen ing siji lan sijine prayoga tansah ajen ing ngajenan. Tinemu pangerten yen saben-saben wong darbe pambek, lan iku perlu kakurmati, dudu karemehake. Tan ngendhak gunaning janmi.
Saiba ngujiwat ing pasrawungan lamun saben-saben pribadi ngrembaka subur panglenggana yen ing liyan iku uga wigati anane. Saengga bakal terwaca maneh pamikir Jawa duking uni sing nandhesake aja njiwit yen ora gelem dijiwit, aja gawe pituna yen ora gelem digawe tuna, aja ngereh yen ora gelem direh, lsp. Sasela-selaning pasrawungan tumuli karacik pangudi mad-sinamadan, ora ana ganggu ginanggu, awit kabeh winungkus manis sih tresna.
Saka manis tresna iku wong liya kadidene awake dhewe. Lamun badan iki perlu kaajeni mangkono uga wong liya, yen badan iki sengsem kaasihi mangkono uga wong liya, lan yen badan iki bombong kaanggep penting mangkono uga wong liya, lsp. Sumilake pamawas iki mesthi wae anjurung laku pasrawungan bakal adoh saka laku dursila. Swasana urip katon endah lan nengsemake. Prayoga kaantu, kapan kita bisa mbalekake keblasuking pribadi iki temah kuwawa bali maneh ngambah mring wewengkon tresna. Temah urip bali ngukir samodra kaendahan. Sumangga. (*)

Cerkak : KABUNCANG ALANG-ALANG

Ing kamar remeng nalika wengi dungkap gagat bangun, Rianto isih sineret ing alam impene. Priya umur patangpuluhan iki tetep kanton gantheng, nadyan wis anak-anak loro. Pidegsa. Daksawang landhep pasuryane kang katempuh lampu kamar, kebak wibawa. Saiba bombong wanita lamun winengku dheweke. Berngos tipis, lambe katon resik lan alise kandel. Mangkono isih katambah karier ing perusahaan, wanita endi sing ora kepencut. Kalebu aku, nadyan dheweke wis ora ijen maneh.
Wiwit sore mau aku lan dheweke ketemu ana kamar iki. Embuh kanthi alesan apa dheweke ninggalake kulawarga, ninggalake Winanti bojone, lan anake loro. Mesthi wae kaya padat saben, meeting, ketemu kanca bisnis, utawa tugas njaban kutha. Sawijine alesan lawas kang wola-wali kaucapake. Emane, Winanti kok ya ora cubriya. Dheweke katon manut wae klawan Rianto. Ketang anggone bekti, ngalah utawa mangsabodho? Mesthi wae sikepe Winanti iku tegese nguntungake aku. Aku bebas, bisa nempil apa kang kadarbeni priya kang saiki tundhuk ing panguwasaku iku.
Nyawang brengos tipis kang ngrenggani lambene kang resik iku aku dadi kelingan patang sasi kepungkur, nalika aku tepung klawan dheweke ing saweneh patemon perusahaan. Sepisan nyawang Rianto aku kesengsem klawan penampilane, kang katon resik, perlente lan nuduhake sawijine pribadi kang pinter. Aku mikir ing wektu semana dheweke isih ijen. Mula nganti sawetara lan ambal-ambalan aku migatekake dheweke. Aku kentir ing rasa kepranan kang datan pepindhan.
Jebul ora nyana dheweke ngerti lamun wis narik kawigatenku. Saka patepungan nuli ngadani acara mangan awan bareng, wusana aku dadi selot akrab. Kepara ngliwati wates akrab. Rasa kang raket mau tumuli dadi rakitan tresna peteng, saengga saiki. Sepisanan aku ngerti yen dheweke wis kulawarga aku pancen gela, gela banget. Malah nganti sawetara dina aku tansah nolak nalika kaajak metu bareng. Terus terang wae aku emoh yen kudu ngrusak pager ayu, mundhes turus ijo. Ngrebut kang wis sah dadi darbeking liyan.
Nanging kekuwatan kang mangkono iku banget ringkih tumrap aku sing ing mulane pancen wis kapirangu klawan Rianto. Sarosane ati iki dakcandhet aja nganti tresna iku ngrembaka. Nanging selot rosa dakampah rasa kapang iku tambah kuwat, tambah kuwat nancang atiku. Ora ngertia rasa kang mangkono iku kadarbeni uga dening Rianto. Menyang endi wae aku endha, kaya-kaya dheweke darbe pangganda temah aku datan darbe kekuwatan angoncati.
“Apa kowe ora rumangsa salah, culika klawan Winanti, Tok?” pitakonku nalika aku lan dheweke mangan bareng ing kawasan Malioboro.
“Tresna iku dudu ukum, Rit,” mangkono wangsulane cekak. “Dadi dudu papane salah utawa bener. Tresna iku mardika tuwuh ing saben ati. Dudu tuwa utawa mudha, sugih utawa mlarat, pangkat apa sudra, kalebu sing wis kulawarga apadene isih ijen,” pratelane melankolis rosa ngruntuhake ati.
“Bener, tresna iku dudu papane luput lan bener, nanging yen wong iku wis kulawarga harak nerak marang pranatan ta? Ateges iku nyalahi bebener?”
“Tresna iku ibarate wong mendem Rita, endi ana wong mendem isih metungake bener lan luput,” Rianto isih selak, klawan njenggit irungku.
Mangkono kaelokane lakon tresnaku klawan Rianto. Pancen aku klawan dheweke kadidene wis ngombe banyu lapen pirang-pirang sloki. Aku lan dheweke wis mendem jero. Jejering kenya kang duwe praupan kang ora nguciwakake, dudu ateges aku durung nate kasmaran utawa sambung tresna klawan priya. Malah nalika gathuk klawan Rianto, udakara lagi sewulan aku putus cinta klawan kanca kantor. Embuh, nalika kepethuk priya iki atiku gampang kegiwang nadyan lagi sewulan pinggeting ati durung ilang sawutuhe. Rianto pancen priya ajaib.
Yen katlesih landhung dhadha iki katlikung rasa bingung. Banjur kaya ngapa rupane tresna, apa pindha Merapi klawan Merbabu, sing wong datan ngerti kapan gathuke lan kapan pisahe. Apa kaya ilining Kali Code sing terus gumlindhing datan ana pedhote, apa kaya ngilak-ilake Parangtritis, endah ngelam-elami, nanging datan kanyana bisa wae kejem saengga nyeret sapa wae? O,…jagad-jagad.
Angka jam nuduhake lima punjul seprapat, dakcoba aku nggugah Rianto sing tetep isih nggleses. Mesthi wae mau bengi kekeselen lan nganti lingsir lagi turu. Bengi mau pancen kadidene bengi-bengi sadurunge aku sakloron kaya kabuncang ing alang-alang, nlasak laladan endah lan ngambara ing akasa tanpa wates. Methiki mawar-mawar kang abyor ngrenggani watesing gisik. Aku lelangen ing samodraning manis, kang ngelami-elami.
“Rita…, “ katon gragapan Rianto menyat saka peturon. “Jam pira?” pitakone.
“Wis padhang, kowe pengin bali dhisik apa langsung nyang kantor?”
“Aku pengin bali,” wangsulane klawan jumangkah nuju kamar mandi.
Sawuse reresik nuli aku menyat saka papan kono. Bandhang kanthi mobil lan ing sawijine papan aku mundhun. Dene Rianto nggeblas kaya ilang kasaput esuk kang isih kinepung pedhut.
***
Kaya padatan ing saben mulih saka kantor aku golek oleh-oleh kanggo ibu kang ana ngomah. Darbe wongtuwa kang kari ijen ana ngomah, mesthi wae aku kepengin gawe seneng atine. Saben budhal kantor aku tansah matur mungguh apa sing dikarepake. Dene esuk mau ibu kandha yen kepengin dhahar jeruk mandarin, sajane kepengin dingendikakake nalika sore. Jalaran aku kandha lembur, mula ing esuk mau nedhenge aku pamitan pepengine lagi dingendikakake marang aku.
Mancik ing mall, wanci wis punjul saka setengah lima sore. Age-age aku jumangkah lan kang daktuju datan liya papan digelare woh-wohan. Ing tengah-tengahe aku kepengin nyandhak lan milih jeruk mandarin saklebatan ana wanita kang cukup daktepungi pasuryane. Wanita kuwi nggendhong lan nggandheng bocah lumaku ora adoh saka anggonku ngadeg. Bareng dakwaspadakake jebul tenan, dheweke Winanti bojone Rianto. Geneya sore ngene dheweke ana kene, banjur karo sapa lan perlune apa?
Satemene ora let suwe nalika aku kecanthol klawan Rianto, aku wis ngerti marang pasuryane Winanti. Nanging amung ing hp-ne Rianto, kalebu uga klawan anak-anake. Embuh kadayan saka apa ana rasa cubriya kang nggodha atiku, dene sabanjure rasa mau nyurung karepku kanggo ngetutake dheweke. Aku kepengin ngerti apa sing katindakake ing mall iki. Mula rewa-rewa aku uga nyadhak klawan apa sing dicedhaki wanita iku, aku masang kuping kanggo nggatekake.
“Ibu iki lho susune adhik,” mangkono anake lanang kang digandeng kandha.
“O, iya. Niki susune adhik. Makasih ya Kak Rio,” mangkono sambunge Winanti marang anake kebak rasa sih. Atiku katleseban trenyuh nyawang kahanan iku.
“Ibu mbok Kak Rio ditumbasaken mobil baru, ta,” maneh anake sing jenenge Rio katon ngrenging njaluk dolanan.
“Lho-lho, boten saiki ta, sesuk yen Bapak wis kondur,” Winanti nyarehake.
“Bapak kok suwi boten kondur ta, Bu?”
“Bapak harak tugas adoh, keluar kota,” pananggape Winanti sareh.
Aku datan kuwawa ngampet esem nalika krungu tembunge Winanti. Edan, mesthi iku kang dikandhakake Rianto kanggo lungan karo aku. Kanggo sawetara aku rada ngadoh murih ora nuwuhake rasa cubriya tumrap Winanti. Luwih seprapat jam aku nginthil marang Winanti sarta anak-anake. Wektu saiki dheweke tumuju papan, kang ing kono tinata werna-werna woh-wohan. Kepeneran sisan golek jeruk mandarin kanggo ibu aku tetep bisa nginthil Winanti.
“Bu ajeng mundhut apel ta, kagem Bapak?” mangkono anake sing jenenge Rio kang umure udakara telung taunan luwih iku katon lucu lan nggemesake.
“Betul, Bapak harak mangke sore kondur,” Winanti nanggapi sinambi milih apel abang ing keranjang.
“Hore…, adhik, adhik mengko sore Bapak kondur, lho. Cihui…, Kak Rio bisa beli mobil baru lagi,” bocah mau banget gembira, lunjak-lunjak kesenengen nampa kabar yen bapake bakal bali.
Ndeleng kahanan iki atiku trataban, saiba kulawargane Rianto banget ngluhurake dheweke. Bojone apadene anake pisan. Katon ing solah-lakune, sorot mripate lan tembung-tembunge banget nresnani Rianto sawutuhe. Tresna tulus, kurmat lan ngreka priya mau minangka perangan kabagyan kang tansah diarep-arep tekane. Kamangka sisip saka pandulune, yen Rianto iku datan kuwawa nimbangi apa kang sarwa tulus mau. Kosokbaline malah sarwa blenjani. Atiku selot kumedhap ngrasakake iku. Dumadakan ana rasa perih kang nggaris dhadha. Landhep tumus tumekeng telenging rasa.
Ing sabanjure aku dadi miris kanggo terus ndeleng kahanan ing ngarepku, Winanti klawan anak-anake. Kaya ana panah sewu mawali-wali tumanduk ing dhadha. Age-age aku njupuk jeruk mandarin saperlune lan kepengin terus nggeblas. Nanging lagi wae aku bakal jumangkah tumuju kasir, dumadakan tanganku ana sing njawil. Aku njola. Trataban. Sakeplasan aku noleh kanggo ngerteni sapa kang nyandhet lakuku. Bubar aku noleh, aduh… jebul anake Winanti. Sawetara aku datan bisa kumecap. Ana apa bocah iki? Atiku kumesar.
“Tante, jeruke dhawah,” kandhane polos kanthi panyawang bening resik.
“Maturnuwun, cah bagus,” sakuwate aku nyoba sareh, nuli kanthi rasa trenyuh lan ati isih trataban aku nampa jeruk kang diulungake. Satleraman aku nyawang Winanti kang nggejejer ing kadohan, dheweke katon mesem. Aku nyoba nanggapi, nanging esem kang banget suci mau kadidene warastra sing kumeplas nunjem dhadha. Rikat aku jumangkah lan sacepete enggal nglungani mall iki.
Wengi sansaya tumlawung ing palung samun. Nanging mripat iki angel kanggo dieremake. Gawang-gawang ngalela kadadeyan ing mall sore mau. Saiba aku dadi perangan sing banget kejem tumrap Winanti lan anak-anake. Rianto sawijine pribadi kang nyata dadi perangan kabagyane kanthi sesingidan dakrampas, dakpundhes lan dakculikani. Aku mbayangake, saupama aku sing dadi Winanti, saiba perih kahanan jroning ati iki. Saiba lara ati iki. Saweneh katulusan amung didoli kanthi culika….. Kejem, kejem tenan !
“Sepurane Tok, aku wis tan kuwasa nerusake crita peteng tresna kita. Tulung, iki tembung tulus sing ora kena dianyang maneh,” ukara iki kang sarosane daktulis kanggo sms Rianto. Wusana hp dakpateni. Wengi terus mbandhang ing sepi. Ana saglugut rasa lega kang ngrenggani dhadha, prasasat uwal saka boboting rasa salah. Nanging mripat iki tetep kembeng-kembeng, katon wewayangane Rianto lamat-lamat kang sabanjure ilang saka panduluku.