BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Senin, 15 Februari 2010

Cerkak Remaja : SI JAKET PINK

dening : A. Areif Rachman


“Ana warung sup buah ngarep sekolah, aku jaket pink. Taktunggu,”
Mangkono unine sms kang mentas wae diwaca Nirmala saka nomer anyar sing wis seminggu iki sms-e brondong ponsele. Jan-jane nilasake rasa anyel, mangkel, bete, mring cewek kelas loro SMA iku. Ewasemana jalaran ora mutungan, awit seminggu nggodha seminggu uga ora digape. Tan wurung nilasake rasa trenyuh. Ana satenggok tandha pitakon ing dhadhane Nirmala. Gek sapa bocah iki?
Rasa kepengin ngerti sapa satemene wong iku tan wurung nggodha cewek kanthi irung bangir iku, kanggo nanduki undang-undang liwat sms kasebut. Mula tuwuh krentege nedya jumangkah menyang warung sup buah sing uga langganane iku. Kepengin ngerti sapa satenane.
Durung ana limang jangkah, Nirmala nyandhet lakune. Ning njur apa pantes? Bocah wadon gampang kegodha ngono wae? Ah kuno ! Ewasemana tetepa ora gampang Nirmala gawe keputusan kanggo enggal jumangkah nuju warung sup buah mau. Kamangka kumlebat ing angen-angene bisa lungguh ana kursi, nemokake pawongan sing jaket pink, kenalan lan sabanjure terwaca cetha ngerteni mring sapa temene. Sapa ngerti yen gantheng, lumayan ta kena kanggo ngganteni Rio sing wis setaun ninggalake Nirmala ganti gandhengan liya.
Pancen, rasa-rasane Nirmala nyoba ngreka-ngreka sapa satemene wong iku. Paling ora ana bocah telu kang dinuga gawe rereka lan kuwawa nabetake rasa goreh ing atine Nirmala. Awit dheweke isih kelingan apa sing nate kelakon nalika durung suwe pisahan klawan Rio. Ponsele Nirmala uga kagodha dening nomer anyar. Nanging isine ukara-ukara nggodha lan nyemesi marang dheweke sing katinggal Rio. Bubar ditlesih lan kabongkar, ora nyana Desti. Kanca nunggal bangkune sing duwe hobi ngaco kuwi.
Mula ora aneh, yen ing kene wong sing sepisanan kacubriyani Nirmala yaiku Desti. Mula nalika pisan pindho tampa sms mau langsung wae Nirmala protes klawan Desti.
“Heh, tukang ngacau bikin olah maneh ya?” mangkono Nirmala nyemprot.
“Sapa sing ngaco?”
“Mungkir, ya. Iki tumindake sapa?” Nirmala ndhesek klawan nuduhake sms-sms sapirang-pirang sing wis ngubruk ditampa.
“Yakin, Mala, iki dudu aku. Yakin tenin. Sumprit diambung Ariel Peterpan ta wis,” sumpah-sumpah Desti nelakake yen dudu kang tumindak.
Nanggapi pratelane Desti sing nelakake kanthi mimik sing memelas, Nirmla wis ora bisa bangga. Mbokmanawa pancen bener, dudu Desti kang tumuindak. Mula kari ana wong loro kang dina iki dicubriyani. Sijine pancen cowok kang nunggal sekolah ing SMA iki nanging beda kelas. Cowok kuwi pancen embuh bener embuh luput, manut rasa rumangsane Nirmala asring migatekake dheweke. Sajake cowok mau kepengin kenal, nanging mbokmanawa saka angel golek cara kanggo pitepungan banjur migunakake cara iki. Lumantar serangan sms, lan wusanane ngajak patemon.
Dene sijine maneh uga cowok, ning sing iki ora mung beda kelas, nanging uga beda sekolahan. Cowok iki pancen nabet ing ati, mula nadyan patemon iku wis kliwat wektu nyandak telung sasinan jenenge isih cetha cinathet ing pojok atine Nirmala. Lukman, bocah saka SMA Tarujaya iku mujudake pribadi kang supel lan gampang kekancan. Katambah rupane sing ora nguciwani, dedege dhuwur lan kang ora kalah penting sugih prestasi.
Jalaran ketemune Nirmala klawan cowok iku ya nalika ing acara Lomba Maca Geguritan ing Pendhapa Kabupaten. Wektu kuwi Nirmala sing dipercaya makili sekolahane, semono uga Lukman dadi jago sekolah swasta favorite ing kutha iki. Lan wekasane kekarone kasil nyabet juwara siji, Nirmala juwara ing kelas wanita lan Lukman ing kelas priya. Kekarone selot akrab nalika ketemu maneh ana acara penyerahan hadiah lan piagam lomba kang uga kaleksanan ing Pendhapa Kabupaten sing katindakake dening Bupati.
Pancen wektu kuwi Lukman menehi nomere sing asli, ning sapa ngerti dheweke migunakake nomer anyar kanggo nggodha Nirmala. Ora kaselaki, yen ana rasa sengsem nadyan saliring bawang kang nabet ing pojok atine Nirmala marang Lukman. Ewasemana rasa mau datan kalilani dening Nirmala kanggo ngrembaka. Awit rasa tatu lan lara saka kadadeyan setaun kepungkur durung kentas saka atine, ya nalika Rio kanthi kejem ninggalake dheweke. Embuh, nganti saiki angel Nirmala netepake pribadining cowok sing kaduga ngganteni Rio. Rio tetep dadi pribadi sing nengsemake, nadyan wekasane cowok mau ninggalake ngono wae kanggo ganti kembang liya.
Embuh piye kabare priya iku nganti saiki Nirmala ya ora ngerti. Tur maneh dheweke ya ora kepengin ngerti. Sing dingerteni, sawise lulus saka SMA Rio nerusake kuliah ana kutha gudheg Ngayogyakarta. Ngendi penere kampuse, njupuk jurusan apa lan saiki nglajo apa ngekos, kabeh Nirmala wis ora ngerti. Mbokmanawa nganti saiki Nirmala terus mbudidaya sakuat-kuate dadekake Rio minangka crita lawas ing uripe. Crita sing ora perlu kababar maneh, crita sing pantese katutup lan kareben mandheg dadi kenang-kenangan. Nadyanta mungguhe Nirmala iku dudu perkara gampang.
Mula nalika wis seminggu iki ana nomer nggodha Nirmala, karacik niyat yen cewek iki kepengin nanduki pesen sing mentas wae ditampa. Nirmala ngarepake yen wong iki Lukman. Mbokmanawa Lukman bisa dadi Rio anyar kang kuwawa nambal atine. Jalaran sithik akeh Lukman nyedhaki pribadi sing tinemu ing Rio, malah ing segi-segi tinamtu siswa kelas loro SMA Tarujaya iki kepara luwih unggul. Tuladhane akeh presatasi sing karaih dening Lukman, mligine ing babagan seni. Nanging njur piye yen wong iku dudu Lukman, dudu kanca nunggal sekolahane, dudu wong-wong sing nate katepungi dheweke? Wong iku wong anyar kadidene nomere sing anyar? Atine Nirmala kairis.
Rasa mangu-mangu wiwit rumambat ing atine Nirmala. Sikil kang mulane nedya jumangkah nuju warung sup buah, bali kasandhet maneh. Pisan pindho dheweke baleni ngothak-athik tumrap sapa sejatine wong anyar katon iku. Sansaya suwe kapikir, sansaya akeh pelaku-pelaku anyar kang kacubriyani gawe gorehe atine. Kang mulane wong telu saiki malik dadi sapirang-pirang. Kalebu Nuti kanca sing kulina diajak rembugan perkara kegiatan sekolah, Tosan, cowok sing kulina paweh lagu-lagu anyar. Pradipta sing kulina ngajari gawe puisi. Tyasa sing critane saiki ngganteni dheweke ing atine Rio. Lan akeh maneh, sapirang-pirang…. Pelaku-pelaku kang nggodha angen-angene Nirmala.
Suwening suwe Nirmala dadi waleh. Kepengine kawigatene ora kajarah marang sapa satemene wong iku. “Ah, cuwek lah!” mangkono batine sabanjure. Kenapa kedadak pusing mikirake wong iseng. Mbokmanawa bab sing kaya ngene iki ora perlu digape. Ponsel pancen alat modheren kang canggih kanggo mbiyantu sesambungan, lan saiki wis mratah ing sapa wae, kalebu anak-anak sekolah. Piranti kang merdika lan datan winates. Mula sapa wae bisa nggodha mring nomere. Kayadene rupa-rupa kuis lan layanan ing layar kaca kae. Mula kanggo apa nanduki. Iku kang kalebu efek negative ponsel.
“Tulung, aku nunggu banget. Wis dakpesen siji, kanggo awakmu. Aku jaket pink.”
Dumadakan siji maneh sms teka, nuduhake ukara memelas.
Kapeksa Nirmala nyandhet jangkahe nalika wis bakal jumangkah ngedohi warung sup buah. Rasa anyel sing maune tumpuk-undhung ing dhadhane bali cuwer maneh. Embuh, sajake ora tega yen njur tumindak kejem marang wong iki. Banjur apa rugine yen nuli kanthi santun nanduki. Bisa wae nomer anyar iki tekane saka wong-wong kang seneng iseng, wong-wong sing karem nggodha wong liya. Nanging yen teka saka wong serius? Luwih-luwih manawa saka wong kang banget butuh pitulungan, apa iki dudu jeneng dosa? Dudu aran pecundang?
Yen niti saka ajege lan rutine anggone kepengin ngajak patemon, iki pancen golongane wong serius. Paling ora njaluk kawigaten sasuwene seminggu iku wis pantes lamun diarani bab iki dudu gawe-gawe, apamaneh dolanan utawa nggodha. Ing kene Nirmala weksane rumangsa katantang. Dheweke kepengin nuduhake yen dudu golongane pribadi sing jirih nggetih. Embuh sapa wong kuwi, setan belang apa setan plontheng nedya diadhepi. Nirmala emoh kagelan yen mbokmanawa wong iki kanca lawas sing pancen butuh pitulangan. Sapa ngerti, kagawa boboting sesanggan kang abot nganti dheweke ora wani blaka.
Warung sup buah sing dadi lengganane iku kapandeng landhep. Katone warung sing maune rame, saiki kaya-kaya wis katon lungse. Pancen rinasa kaku, abot lan rangu-rangu, nanging Nirmala tetep meksa sikile mantep jumangkah. Ora let suwe warung kuwi wis ana ngarepe. Saka njaba pancen wis katon pawongan nganggo jaket pink. Amung sapa wong iku Nirmala tetep angel nyipati, jalaran lungguhe ngungkurake lawangan. Rasa aneh rumambat ing dhadhane Nirmala, ewasemana cewek iki tetep krodha kanggo ngalahake rasa iku. Sikile wis mancik warung lan nuju ngarepe pawongan sing nganggo jaket pink iku.
Pawongan iku nungkulake raine, lan Nirmala nyoba lungguh kursi klawan sithik ngawasake sapa satenane wong iku.
“Nirmala….,” swara iku landhung ngundang jenenge.
Mak dhat, prasasat kasamber bledheg atine. Nirmala nratab bareng weruh sapa satenane wong iku. Nirmala ngurungake niyate kanggo lungguh ana kursi. Klawan rai abang ireng Nirmala kepengin mbradhat lan cepet-cepet ninggalake papan kono. Nanging niyat mau cabar, ana tangan prakosa kang nyandhet lengene.
“Nirmala, sepuranen aku. Aku salah,” swarane kebak rasa memelas.
Nirmala panggah meneng. Pisan maneh nyoba uwal saka tangan prakosa mau, nanging tetep kalah rosa.
“Kowe ngerti yen jaket iki saka sapa? Barang saka awakmu iki isih daksimpen, isih dakrumat lan saiki dakanggo. Ateges tresnaku ora nate luntur. Pancen sawetara wektu aku kena godha, nanging ati iki angel kanggo ngoncati awakmu, Mala,” maneh swara iku katon mrentul saka ati kang tulus.
“Njur Tyasa,” Nirmala nanduki kanthi swara sedul
“Dheweke iku racun ing lakon tresna iki, Mala,” swarane manteb.
Nirmala datan bisa bangga, budi sing rosa kanggo uwal saka tangan prakosa mau wiwit lilih. Kumlebat rasa trenyuh ngelun rasane Kenya kanthi irung bangir iki prasasat kinebur samodra madu. Mripate kaca-kaca, luh mrembes megung ing tlapukaning mripat. Iki dudu luh duhkita, nanging luh kabagyan awit mutiara kang ilang saiki wis bali maneh. Ora nyana yen sing ngreridhu ing dina-dina salawase iki dudu wong anyar katon, apamaneh Lukman. Kenangapa saiki lagi eling, sapa sing kulina nganggo jaket pink iku, datan liya Rio. (*)
(wis nate kamot ing majalah Jayabaya)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar