BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Senin, 15 Februari 2010

Crita Cekak : TUMURUHE BUN ESUK

Anggitane : Yan Tohari

Ya ing kene, ing warung sing isih prasaja iki. Warung kang tinemu ing ngarep sekolahan kang limang taun kepungkur nate dadi kenangan jroning lembar uripku. Wektu limang taun dadi wanci kang tan mingsra, jalaran ora akeh ngowahi apa wae ing warung iku. Ewasemana wektu semono kuwi tetela kuwawa nilasake mawarna-warna lakon kang ngrenggani uripku. Wektu kang wus nyiptakake owah-owahan sing akeh, matumpuk-tumpuk. Neka-neka lan sing banget nyekethem rasa.
“Kowe tetep bakal ninggal kutha iki kanggo nguyak gelar dhokter iku, Rul?” pitakone Endita marang aku sabubare acara perpisahan sekolahan limang taun kepungkur.
“Kuwi pancen wis dakrancang suwe, End,” aku manthuk manteb.
“Tetep Jakarta?” mripat endah kuwi kabuncang adoh.
“Njur ngendi maneh? Ngiras pantes aku nedya ngerteni satemene apa sing narik ing kutha iku, katimbang Solo sing ngene-ngene terus.”
Wangsulan iku kang kuwawa nggarit pasuryane Endita kaya kasiram labor abang. Aku ngerti mrentul rasa sujana kang sagunung gedhene. Aku ngerti niyatku iki prasasat kasedhihan tumrap dheweke. Lan aku ngerti amarga dheweke ora mungkin ninggal kutha budaya iki temah ora ngrilani awakku nerusake kuliah ana Jakarta.
Limang taun kepungkur, ing warung sega rames iku aku bisa paweh alesan temah Endita ikhlas nampa aku tumuju Jakarta. Aku nguyak cita-cita kang suwe katandur ing angenku dening wongtuwaku. Wektu limang taun kasil dadekake aku dadi dhokter. Nganti saiki, nganti aku wis nyandhang titel dhokter, wis kaping papat aku nyelakake teka ing papan iki. Amung saperlu kanggo sauwen-uwen nyawang warung mau. Warung sing nilasake lelakon kawuri. Tetela ora akeh sing owah, kalebu cacahe pelanggan kang ajeg wae jajan ana kono.
“Geneya?” batinku takon lirih.
Sing kaping papat iki aku emoh menyat saka papan iki tanpa nyaking wangsulan, geneya warung iki prasasat ora akeh owah-owahane. Mbok Rumi klawan Pak Tirta, tetep dadi pilihane murid-murid SMA kene. Kekarone uga tetep nuduhake lageyan sing nyenengake. Kalebu kang baku racikan sega ramese kang tetep nuduhake rasa kang khas. “Maknyus,” mangkono gotheke para pelanggane saiki nalika bubar nikmati sega ramese.
Malah sing nabetake kaelokan maneh, saben-saben aku mlebu warung iki tanggapan kang daktampa prasasat ora owah kaya sing kelakon sasuwene aku ing SMA ndhisik. Kuwi kang selot dadekake aku kudu sinau marang apa kang wis katindakake Mbok Rumi. Aku ngrasakake MBok Rumi klawan warung sega remes iku, pindhane tugu kang asring dadi tenger saben-saben lakune sejarah. Prasasat terminal Tirtonadi, tetep kuwawa dadi karaktere Solo nadyan wis maewu-ewu kendharaan mampir ing pangkone.
Jroning ati iki nuli kaslempitan rasa iri, geneya aku gagal. Lakonku ora bisa lumaku kadidene warung sega ramese Mbok Rumi. Kasujananan, rasa tresna lan padha sih-sinian kadidene limang taun kepungkur katon luntur. Citarasa lan apa wae kang winangun ndhisik kepara gapuk lan ilang gapite. Endita, ing wektu iki wis dudu memanising uripku kaya limang taun kepungkur. Malah dheweke wis ilang saka reroncening uripku. Musna. Amung minggetake sisa-sisa lelakon sing kala-kala malah nyipta tatu ing ati.
“Sepuranen, Rul. Aku kudu wani blaka, merga awakmu sing egois. Aku angel kanggo nerusake lelakon tresna kita,” siji setengah taun kepungkur gawang-gawang lumantar hp kandhane Endita banget nuwek dhadha. Lan sabanjure apa kang daksumelangake iku tetela dadi kasunyatan. Dudu perkara gampang ngreksa sawijine kasetyan temah dadi mutyara kang endah sajroning crita tresna. Luwih-luwih mring jaman saiki, kalebu aku, apadene Endita.
“Aku egois, En? Tuduhna mapan ana ngendi sipat iku?” jroning saweneh kalodhangan aku nate pitakon mrang Endita.
“Jakarta wis ngenggokake kawigatenmu marang aku, Rul.”
“Ah, angel. Pancen ora gampang aku sawutuhe ngesok kawigaten marang awakmu, End. Tugas kuliah lan kasibukan kampus, uga njaluk kawigatenku,” swaraku memelas.
“Nanging kowe uga bisa nindakake nalika ana SMA, Rul.”
“End, tulung pangertenmu. Ini perguruan tinggi, bukan SMA maneh,” swaraku sansaya memelas wektu kuwi. Ewadene, Endita tetep puguh. Embuh daya apa sing nyurung panemune lan dheweke nekat medhot rajutaning tresna. Gelar dhokter pancen kasil dakgegem, nanging Endita mrucut saka atiku. Sabanjure apa bener aku egois? Apa kosokbaline malah Endita sing egois. Iki perlune aku kudu meguru klawan Mbok Rumi. Ibarat tresna, warung iku ati, dene apa sing katindake marang para pelanggan temah krasan jajan ing warung iku pindhane laku ngupakara tresna. Mbok Rumi nuduhake kabisan iku.
Aku pancen kudu meguru klawan Mbok Rumi, geneya kuwawa melet klawan sakalir pelanggan temah setya jajan ana kono. Nadyanta ora diselaki tuwuh werna-werna warung ing kutha iki. Ora mung sing anyar, nanging uga luwih apik papane, malah-malah bisa wae luwih mirasa masakane. Ewasemana amarga katiyasane Mbok Rumi, para pelanggane tetep nyanthol ing warunge. Ora mung saiki, limang taun kepungkur, utawa ing mangsa kang luwih suwe maneh. Aku enggal kudu ngerteni apa resepe. Gilirane aku uga bakal ngerteni, endi sing kleru ing lakon tresnaku. Aku sing egois, apa satemene Endita sing malah egois.
“Lho nak Irul maneh?” tumanggape Mbok Rumi nalika ngerteni aku wis lungguh ing warunge. Semanak, semadulur lan kebak esem. Nadyan esem iku wiwit kacipta saka kulit-kulit kang selot kisut. “Eh, sepurane Pak Dhokter. Kok nak, lho,” tembunge klawan guyon.
“Mbok Rumi ora susah nganeh-anehi,” aku nyoba nyuwak swasana kaku.
“Dhahar Nak Irul?”
“Boten, es teh mawon,” kaya-kaya selera manganku durung teka.
Ora let suwe es teh wis cumepak ana ngarepku. Kanggo neles gulu enggal daksruput, lan rasa anyep rumambat ing gurung. Kaya sing kelakon, saliyane aku gandrung klawan sega rames, aku uga seneng klawan panganan kuno sing tansah cumepak ing warunge Mbok Rumi, yaiku mentho. Panganan cemilan iki kagawe saka tepung gaplek lan diwenehi kacang brol. Rasane gurih, kemripik, klawan bumbu kencur sing katon menjila, nambah sedhepe panganan cemilan sing ana wiwit kuno iki.
Kapinujon nalika swasana warung rada sepi. Niyatku wis gembleng nedya pitakon apa sing sasuwene iki nggubel ing dhadha nedya daklairake. Geneya warung iki kuwawa melet klawan para pelanggane? Temah pelanggan mau tetep setya, nadyan ing papan liya ana warung anyar kang bisa wae luwih penak lan enak. Wangsulane Mbok Rumi iku bakal dakanggo sangu ngungak klawan crita tresnaku. Papan endi sing salah, laku piye sing kleru, tundhone aku bakal ora kesandhung lelakon padha ing liya wektu.
“Gampang, Nak,” wangsulane Mbok Rumi cekak nalika nanggapi pitakonku. Wangsulan sing dadekake aku bingung. Katon penak wae wanita tuwa iku paweh wangsulan.
“Gampang? Gampang pripun, MBok?” aku nlesih.
“Akeh-akehe wong iku seneng ngomong ning ora seneng ngrungokake. Lha aku mbudidaya ing perangan sing seneng ngrungokake iku, Nak. Apa sing dikarepake pelanggan, apa sing disenengi pelanggan, kalebu apa wae sing ora disenengi pelanggan, iku kabeh sing dakrungokake,” pratelane Mbok Rumi terwaca.
“Lha yen wis seneng ngrungokake nuli gelem ngowahi jumbuh klawan apa kang dikarepake pelanggan. Jalaran kandhane wong pinter yen wong tuku iku harak ratu. Mula becik aku ora nggugu karepku dhewe, kudu manut klawan sing tuku,” makglong rasane atiku. Kaya ana trontong-trontong sunar rembulan madhangi ati. “Gelem ngrungokake,” batinku baleni.
“Satemene kewasisane wong mono dudu kadeleng saka anggone pinter ngomong, nanging karilane anggone sumadhiya ngrungu. Lan iki sithik kang bisa nindakake,” tambahe Mbok Rumi sing karasa ora jamak dikandhakake jejere bakul ning jejere filosof. Kanthi iki matambah-tambah rasa gumunku klawan bakul rames iki. Dadi bener apa sing karungu saka pinisepuh biyen, bathok balu isi madu. Mbokmanawa iku gegambarane Mbok Rumi. “Wong kang rila ngrungu katimbang kakehan ngomong iku lumrahe bisa ngemong, mula racake dadi pribadi kang nyenengake,” tambahe Mbok Rumi.
Gelem ngrungu lan bisa ngemong, loro tumindak sing dadi resepe Mbok Rumi geneya warung iku tetep eksis jroning persaingan para bakul pangan. “Yen ngono apa ana ing lakon tresnaku, loro tumindak iku? Gelem ngrungu lan bisa ngemong?” batinku nlesih nalika sorot srengenge sore iki nrabas jendhela kamarku. Angel kanggo mbiji, apa aku sawijine pribadi sing gelem ngrungu lan bisa ngemong. Gawang-gawang ing limang taun kepungkur nalika Endita ngalangi aku supaya ora nekat ing Jakarata, ewasemana aku ora ngrewes tembung iku. Semono uga nalika Endita njaluk kawigaten, ana-ana wae alesan sing dakgawe, lan …
“Coba, Nak Irul ngalah sithik. Mbokmanawa iku bisa dadi dalan nak Endita bisa nampa tumindak-tumindak kang wus Nak Irul tindakake,” pratelane Mbok Rumi awan mau, nalika aku blaka yen Endita selot ngadoh sak dina-dinaku. Apa bener mangkono? Nyoba dakgoleki nomere Endita sing tetep kasimpen ing hp-ku. Tumuli ukara-ukara sing salawase iki angel dakrakit nyoba dakrakit. Agahan tembung-tembung mau dakkirim. Aku ngarepake muga-muga bisa ngowahi pandugane Endita, sing sasuwene netepake aku minangka priya egois. Nanging nganti kliwat jam sewelas bengi sms sing dakkirim tetep durung ana jawaban. Tuwuh niyat kanggo ngebel Endita, nanging dakwurungake. Mbokmanawa pancen pinggeting ati sing kasandhang Endita wis angel katambani, lan wis ora ana wewengkon ing atine kanggo aku.
Gagat bangun aku digawe kaget klawan swara dering hp. Rikat daksaut.
“Endita? Iya iki aku?” atiku trataban nampa telpune Endita.
“Sepuranen aku Rul, salawase iki aku sing satemene egois, dudu kowe,” pratelane Endita alon ing sabrang. Krungu pratelan iku atiku njola. Geneya malah Endita sing ngaku egois. Sapandurat aku ora bisa paweh wangsulan. Sing rinasa ing ati ana maewu-ewu kembang mlathi mrajak ngebeki angen-angenku.
“Nanging aku tetep tresna marang awakmu, End,” embuh geneya tembung kuwi sing wekasane kepara ucul saka lambeku.
“Ah Irul, …”wangsulane Endita sajak ngampet rasa.
Tuwuh esem ing lambeku.
Sineksen tumuruhe bun esuk atiku kumlesik, “Matur nuwun Mbok Rumi.” (*)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar