BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Kamis, 23 Oktober 2014

Geguritane : Yan Tohari MARANG BAPAKKU durung sempurna parak esuk sumandhing rahina kasisa bun ketungkul pepasihan klawan gegodhongan ewasemana jangkahmu nggeret sapantha angin kang leladhang saselane pang-pang randhu bapakku, banjur ing ngendi mbokluru kecering wahyu nalika tegal lan sawah selot ringkih kauntal mangsa larik-larik tandurmu malik wesi-wesi prawasa sing pijer ngiwi-iwi tangise emprit sing suwe kelangan teba pak, prayoga lerema… jaman wis kabanjut ing werit rumiting wewadi saiki, sawah lan tegal dudu ijo royo-royoning tanduranmu nanging satumpuk satru sing kareksa maewu-ewu asu? Karangdowo, Klaten 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar