BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Sabtu, 16 April 2011

Bali Mring Pranatan Alam

Ora jeneng leluwihan yen kudu ngersula, sambat lan sedhih. Jalaran wis pirang-pirang mangsa among tani gagal panen. Aja maneh panen, tandur wae angel urip. Prasasat entek amek kurang golek anggone mbudidaya murih bisa ngundhuh, ewasemana akeh nemahi cabar, gagar wigar tanpa karya. Geneya?
Dudu perkara gampang ngudhar perkara iki. Kalebu ngonceki underane, apa amarga ama, mangsa, lemah, apa pancen para among tani sing dadi uleganing perkara? Yen nyalahake ama, ama iku wis ana wiwit kuna. Yen mangsa, mangsa yekti dudu kuwasane manungsa. Banjur, apa lemah? Apa pancen para tani?
Manut paugeran kuna sing dijlumati lan pinercaya dadi andel-andele wong Jawa duking uni, yekti tetanduran mono dudu kuwasaning manungsa, nanging alam. Alam kang ngukir uriping tetanduran, prasasat ananing wongtuwa klawan putra-putrine. Iku kang nuli kaprah sinebut ibu bumi bapa akasa. Among tani duksemana tansah ngiblat mring laku alam. Sakaliring kang tinandur dadi tuwuh, lemah gemah ripah loh jinawi, jalaran kuwawa nunggalake jodho loro; ibu bumi lan bapa akasa, dene petani saiki apa mangkono?
Duksemana among tani ngugemi anane etung mangsa kanthi pranata mangsa. Jinis tanduran, kapan nandure, carane piye sarwa nut mring laku alam. Jalaran alam mlaku winengku kodrat. Nanging para tani saiki wis wani ninggal pranatan kasebut. Racake dumeh ana teknologi, kaya-kaya alam nedya kakendhaleni. Ninggal pranatamangsa, singlar mring kodrating laku alam. Kamangka samubarang kalir yen kaayahi tanpa manut aturane, adoh bathi cepak ing bilahi. Mangkono uga alam. Alam duwe ukum mesthi lan manungsa minangka perangan alam becike semadulur mring alam.
Ing kene becik, among tani bali maneh ing ngelmu para ngaluhur. Sing yekti ngelmu tetanene dudu kasurung dening karep murka, nanging murih piye alam bisa awet lan tuhu dadi warisan emas, kang piguna ing urip saiki lan mupangat ing tembe-mburi. Sumangga. (Wis kamot ing Mingguan Joglo Pos - Klaten, 11 April 2011)

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar