BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Selasa, 24 Agustus 2010

Sluman-Slumun Slamet

Slamet apadene keslametan dadi underan wigati jroning sadhengah wewengkon panguripan. Kepara ing Jawa bab iki dadi napas sing tansah kumedher ing saben-saben wayah, embuh iku ing laku spiritual, seni, budaya, lan gatra laku apa wae. Ora aneh ing Jawa ana donga slamet, wong jenenge Slamet, piyandele arane Kyai Slamet, lan ingon-ingone wae kawenehi jeneng Si Slamet. Yekti slamet, dadi impen, idham-idhaman lan pucuking panjangka sing tanpa ana wates lan bontose.
Kamangka ing kasunyatane urip datan mangkono kang lumaku. Ing panguripan iki sarwa kawengku ing loro kodrat kang tansah lumaku kosokbalen, sing siji tansah kabudi lan siji maneh kasingkiri, yaiku ana padhang ana peteng, ana bungah ana susah, ana begja ana cilaka, ana slamet lan ana apes, mangkono sapiturute. Amarga arane kodrating urip, mesthi wae tan ana sijia kang bisa endha saka kekarone. Kabeh dadi temalining urip kang sarwa ngreka saengga dadi wirama kaendahan siji lan sijine.
Lupute nampa pepadhang bakal nyangkul pepeteng, lupute nampa begja mesthine nyandhang cilaka, lupute slamet bakal nampa apes, mangkono kuwi terus sapiturute. Ewasemana budhal saka panglenggana kasebut, katambah manggon jejering titah, bebrayan Jawa emoh ngono wae ngalah saka araning kodrat. Awit, urip manut pangerten Jawa iku obah. Obah bisa ditegesi ikhtiyar, ing kene ana kapitayan yen mburu pepadhang, begja, bungah, teka keslametan dadi wajibing urip. Nadyan wekasane saben-saben pambudi mau tansah kawungkus klawan kesadharan nrimah mawi pasrah apadene nrima ing pandum.
Pancen tinemu ukuran mligi mungguhe bebrayan Jawa kanggo milahake ing kinaran slamet ing urip. Kanthi cara kang kaprah mbokmanawa kang kaaran slamet yaiku sarwa-sarwi ketemu begja. Sakaliring panjangka kang kawawas dadi tambahing kamulyan bisa karengkuh tanpa ana sambikala. Niskala, nirbaya, nirwikara. Upamane ta kesandhung bebaya, sakabehe bisa kaadhepi lan kaudhari saengga bebaya mau tan kuwawa nyabarake laku. Kawujudan kang mangkene iki mbokmanawa ukuran slamet kang akeh ditegesi ing berayan akeh, kinaran slamet yen ta tan nate kacuwit dening saru-sikuning urip.
Manawa bener mangkono, mbokmanawa slamet iku sawijine kang mokal kelakon. Awit sakaliring kang tumitah mono ora bisa uwal saka kurang, lali, lan apes. Mula pamengkune slamet iku satemene ana ati. Ukuran slamet mring pangerten Jawa bisa katilik saka ujaring para pinter ing kene, dening RMP Sosrokartono katandhesake urip slamet iku linambaran telung ukara, yaiku legawa marang apa kang wis kelakon, trimah marang apa kang dilakoni, lan pasrah marang apa kang bakal kelakon. Nuli teteluning ukara mau kawungkus klawan telung tembung trimah mawi pasrah.
Dene jroning pupuh Gambuh kang tinemu ing Serat Wedhatama yasa Sri Mangkunegara IV kawedharake ; meloking ujar iku, yen wus ilang sumelanging kalbu, amung kandel kumandel marang ing takdir, iku denawas denemut, denmemet yen arsa momot. Katambah ing Wirid Hidayat Jati (RNg. Ronggowarsito) kapratelake yen apesing urip iku sarwa kajalari dening limang tumindak raga (ulah crobo, laku nistha, tingkah degsura, sarwa kesed sungkanan lan lumuh nastapa pujabrata) lan limang tumindak jiwa (ngumbar hawa nepsu, ngumbar suka-renaning karsa, anggelar ambeg angkara, amedhar watak dora paracidra lan anuruti budi pitenah aniaya).
Mangkono slamet kategesi ora banjur urip lurus tanpa sengkala, nanging mapan ing wani mring garising takdir lan ngugemi wewatoning bebener. Istingarah sing kinaran apes, lamun kinunjara was sumelang mring pepesthi sarta ringkih ing bebener. Kanthi kuwawa ngalahake rasa was sumelang ing sadhengah wewengkon urip, gilir-gumantining napas lumaku mardika. Bebas saka sesangganing pikir, adoh saka kunjaraning culika. Iku kang kinaran sluman-slumun slamet . (*)

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar