BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Selasa, 24 Agustus 2010

Ngudi Kuwating Akal lan Pikir

Keri-keri iki akeh sesambat kang keprungu ing bebrayane wong cilik. Prasasat matumpa-tumpa wujuding sesanggan, durung rampung siji wis njedhul liyane. Endi among tani sing gagal panen awit trajange wereng coklat, endi para wongtuwa sing kabotan mbayar waragat sekolah anak, kasambung reregan kang ndedel, malah kompor gas sing kerep mbledhos katon melu nyaur wuwus. “Tobel…tobel…,” mangkono Uwa Kerta tangga tunggal pager keprungu rerantan sambat-sambat.
Sambat. Ngersula. Ngaru lara. Saweneh wujud pratelaning titah kanggo nelakake aboting sesanggan. Nanging sejene kuwi sesambat pancen sithik bisa nipisake wujud sesanggan. Ewasemana yen sabanjure kerep sesambat, istingarah ngringkihake batin. Lamun batin wis ringkih, adhakane pamikir tumuli kewuhan kanggo metungake bener apadene luput. Kang mangkene iki kang wekasan nukulake tumindak nasar.
Kawujudaning tumindak nasar mau tinemu werna-werna, kang dening saperangan bebrayan kaanggep dadi cara sing pungkasan – ora ana liya. Kamangka iku mau thukul saka pamikir sing buntu, pethaning pamikir buntu wis mesthi keladuk wani kurang deduga. Kala-kala tindak nasar bisa gawe rugining dhiri pribadi, lan bisa uga gawe pitunaning liyan.
Kacupeting pikir, akeh bebrayan saiki nganyut tuwuh minangka dalan pungkas. Iki cara sing banget gawe rugi dhiri pribadi. Saperangan ana kang wani nekat, kayata awit kasurung dening pikir puteg lan kaesuk werna-werna kabutuhan sing wis angel diupadi cara pangudhare, terus wani colong jupuk, ngrampog, njarah-rayah lan sapanunggalane. Kang mangkene iki genah cara sing ngembet marang pitunaning liyan.
Salugune ing urip mono ora ana kang luput saka sesanggan. Saka jaman lumaku ing jaman liyane, titah sarwa winengku dening sesanggan. Kang mbedakake amung sebab kang dadekake anane sesanggan mau. Gusti Kang Maha Kawasa, yekti nitahake janma sarwa tingeran akal lan pikiran. Akal lan pikiran kang nglungguhake manungsa minangka kawula kang luwih mulya katimbang titah liyane. Wondene sesanggan sawijine cara kanggo nguji titah sepira kuwanene migunakake akal lan pikiran jroning urip.
Pancen dudu perkara gampang ngemonah sesanggan klawan kekuwatan akal lan pikir. Mula ora aneh amung siji loro kang lulus kanggo bisa migunakake. Jalaran saben-saben akal lan pikir ora kabeh kagladhi, kawulang lan kacoba ngudhari werna-werna sesanggan. Luwih-luwih ing jaman saiki, akal lan pikir prasasat kagawe kethul dening gebyar donya. Tundhone nadyan amung kaesuk dening perkara sepele wae wis akeh sing nglumpruk, manungkul lan kalah, lan saperang tinggal glanggang colong playu.
Nuli kepriye mungguh ngracik akal lan pikir sing kuwat? Wangsulane ana ing tembang Kinanthi kang tinemu ana Serat Wulangreh “padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.” (*).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar