BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Senin, 31 Mei 2010

KAWRUH : NGAMBAH MANISING SIH TRESNA

Rasa sing wis banget ketriwal ing pangrasane bebrayan saiki – luwih-luwih baraya agung ing perkotaan yaiku manising rasa sih tresna. Rasa sih tresna, kang satuhune mujudake mutyara jroning urip, yekti minangka bab kang tan bisa kaselaki kuwawa dadi werna, greget, memanis, sarta ukuran ing ciri pribadining manungsa.
Pangersula ing sakaliring kahanan embuh iku akehe tumindak nasar, wengis, julig, goroh lan sapanunggalane, iku kasebab awit ringkih sarta tipising rasa sih tresna. Istingarah wigati wiwit iki perlu ananing pambudi kanggo nirih ati amrih ngambah marang manising sih tresna. Saengga urip karengga manis lan sih tresna dadi werna ing pasrawungan.
Saweneh laku kang kaprah kanggo ngambah ing manising sih tresna manut kapitayan Jawa kasembuh awit bab kang runtut, ajeg lan lumadi. Tindak iki bisa kinaran laku sing kulina utawa pakulinan. Witing tresna jalaran saka kulina, unen-unen iki ora mung wis ngoyot nanging uga temanja buktine. Awit saka kulina bisa dadi tresna, seneng lan karem
Pakulinan kasebut ing ngarep minangka wujud tumindak kang ukurane mesthi yaiku runtut, ajeg lan lumadi. Laku mring apa wae asring thukul saka rerangkene tumindak iku, kang dening wong Jawa sinebut pakulinan, temahan nukulake tresna. Kabecikan iku tuwuh saka pakulinan, kosokbaline bab ala uga mekar saka anane pakulinan. Sugih lan mlarat, bisa lan ora bisa, kabeh winangun saka ajine pakulinan.
Rasa sih tresna kang tipis lan kasisih ing perangan atine bebrayan saiki, awit uga saka pakulinan kang datan maelu rasa kasebut. Embuh kadayan dening laku jaman utawa owah-owahan liyane saengga rasa sih tresna datan kakemonah kanthi becik.
Saben-saben pribadi amung migatekake awake dhewe. Sithik kanggo maelu ing liyan. Kepara sing tambah-matambah ing sadina-dina yaiku rasa anggunggung dhiri, golek menange dhewe, murka lan daksia. Sing kacethik ing pikir prasasat piye bisa angemperana jagad. Kabeh darbekku, manut aku lan panguwasaku. Eman.
Sikep kang kaya mangkono iku umrik ing ati sithik mbaka sithik, ing wekasane dadi gedhe lan sabanjure nguwasani kabeh wewengkoning pikir. Yen mangkono iku temah ati datan kuwawa bedakake maneh endi kang nurut garis kautaman apadene kang nyebal saka paugeran bebener. Mula bab kang perlu kaperdi mring kupiya ngambah wewengkon manising tresna, yaiku ngajak ati supaya kulina ngajeni kagunaning liyan. Urip minangka titah ing jagad raya iki padha ing sasamining urip, sakabehe butuh kaajenan, kaasihi lan kaanggep ngerti.
Minangka pepakeming laku kasebut kita bisa nyianu klawan tembang Gambuh ing serat Wedharaga anggitane R. Ng. Ranggawarsita ; lamun wus sarwa putus, kapinteran sinempen ing pungkur, bodhonira katokna ing ngarsa yekti, gampang traping tindak tanduk, amawas pambeking wong.
Ing pitutur kasebut kaajab ing saben pribadi nadyan pinter aja keladuk nuduhake pinter, kepara api-api bodho. Sikep kang mangkene iki luwih jenak disenengi liyan brayan, tegese bakal dadi tuk sumbering sih tresna, katimbang yen kosok-baline. Ngerti nanging api-api bodho iku luwih gampang ing trep-trepaning tumindak, katimbang bodho api-api pinter, utawa pinter nanging keminter. Awit manut R. Ng. Ranggawarsita jroning pasrawungan mono ing saben-saben pribadi kepengin kaajeni, mula sabisa kita paham klawan drajating saben-saben pribadi, amawas pambeking wong.
Manut Les Giblin pakar hubungan masarakat lan penulis buku kondhang The Art Of Dealing With People uga nate nandhesake lamun kanggo mbangun swasana sih tresna ing pasrawungan bebrayan iku tinemu ana papat, yaiku nglengganani yen (1) manungsa iku kabeh egois, (2) luwih kesengsem klawan pribadine dhewe katimbang wong liya, (3) saben wong kepengin kanggep penting, lan (4) saben wong kepengin wong liya tansah sarujuk klawan panemune. Panglengganan ing papat bab kasebut kaajab bisaa nglairake sikep yen ing siji lan sijine prayoga tansah ajen ing ngajenan. Tinemu pangerten yen saben-saben wong darbe pambek, lan iku perlu kakurmati, dudu karemehake. Tan ngendhak gunaning janmi.
Saiba ngujiwat ing pasrawungan lamun saben-saben pribadi ngrembaka subur panglenggana yen ing liyan iku uga wigati anane. Saengga bakal terwaca maneh pamikir Jawa duking uni sing nandhesake aja njiwit yen ora gelem dijiwit, aja gawe pituna yen ora gelem digawe tuna, aja ngereh yen ora gelem direh, lsp. Sasela-selaning pasrawungan tumuli karacik pangudi mad-sinamadan, ora ana ganggu ginanggu, awit kabeh winungkus manis sih tresna.
Saka manis tresna iku wong liya kadidene awake dhewe. Lamun badan iki perlu kaajeni mangkono uga wong liya, yen badan iki sengsem kaasihi mangkono uga wong liya, lan yen badan iki bombong kaanggep penting mangkono uga wong liya, lsp. Sumilake pamawas iki mesthi wae anjurung laku pasrawungan bakal adoh saka laku dursila. Swasana urip katon endah lan nengsemake. Prayoga kaantu, kapan kita bisa mbalekake keblasuking pribadi iki temah kuwawa bali maneh ngambah mring wewengkon tresna. Temah urip bali ngukir samodra kaendahan. Sumangga. (*)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar