BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Minggu, 06 Juni 2010

Cerkak : KOTANG

dening : Yan Tohari

“Kandhakna, yen aku wis ora tresna maneh karo kowe, Nur. Ngono Kang, kandakna!” isih esuk, nanging swara iku sasat mercon kobong kemrotok saka lambene Menur. Wong wadon iku katon ngame-ame sing lanang, Surasa. Dene sing lanang kang karepe ngetokake becak amung meneng sarta bingung klawan apa kang katindakake bojone. Embuh marga apa, yen dhuwit etuk-etukane wingi sore sing mulih nggawa dhuwit limolas ewu thok wis dipasrahake kabeh. Embuh setan gundhul ngendi sing manjing ing bun-bunane Menur, weruh-weruh kok ngamuk punggung sura tan taha.
“Hayo, cepet Kang. Ora mung lingak-linguk api-api ora ngerti!” Menur katon tambah muntab awit datan katanduki klawan sing lanang.
“Kowe kuwi ana apa ta Nur?” Surasa selot bingung.
“Ana apa-ana apa! Api-api ora ngerti, apa pancen kumbi? Wong lanang bejat!”
“Aku pancen ora ngerti tenan, Nur. Ana apa iki?”
“Ora ngerti? Wong lanang cluthak! Wis mlarat kakehan tingkah,” mripate Menur pendirangan, selot muluk bramantyane. Saiki ora mung swara kang jumbedher nanging tangane uga wiwit ngamuk, abrak-abrak sing kacandhak disaut, dibanting, kauncalake menyang njaba. Ompreng kabanting, piring kasaut dikeplekake, sumyur dadi sawalang-walang. Esuk iku, esuk kang aneh ing gang Prenjak, gange para tukang becak ing kutha iki. Kahanan kuwi dadekake para tangga teparone padha nyawang klawan panyawang aneh. Aneh, nyata-nyata aneh.
Pancen padu, rebut etung lan gegeran liyane dadi rerenggan mligi ing gang iku. Werna-werna sebabe, embuh dhuwit sing kurang, kalah main, mendem, apa merga konangan anggone dhemenan, lan liya-liyane. Nanging apa kang dumadi ing kulawargane Menur lan Surasa pancen kaanggep aneh. Menur, wong wadon sing luwih patang taun iki ngrenggani uripe Surasa kawawas wong wadon kang kondhang meneng. Dheweke ora kaya wong wadon liyane sing tansah ngomong kurang, nadyan dhuwit sapira-pira diwenehake sing lanang. Menur wanita kang nrima ing pandum, sajake dheweke nglenggana Surasa kang amung tukang becak pancen hasile sarwa tipis. Karo maneh becak harak wis wiwit kaanggep nyebeli ing sawetara kutha-kutha gedhe, untung wae ing kutha iki tetep nganggep becak isih patut ana.
Ewasemana esuk iku, Menur katon dudu kaya biyasane. Wong wadon iku ilang sipat menenge malih dadi landhep lan galak. Embuh kadayan saka apa. Nanging mesthi iki saweneh bab kang paling gawe atine serik. Ewasemana Surasa ora paham marang apa sebabe. Semono uga tanga-tanggane ngrasakake aneh klawan lageyane Menur.
“Ana apa ta Menur kuwi?” pitakone Yu Jati klawan Warinah.
“Embuh, mbokmanawa Surasa kalah main,” sambunge Warinah.
“Wong wis kalah kok dadak nesu,” Yu Trinah melu nyaut.
“Ning aneh, lho. Ora tau-taune Menur tumindak ngono,” Yu Jati pratela.
“Ya, sapa ngerti Surasa duwe dhemenan,” Warinah nyambung maneh.
Mangkono kaelokan ing omahe Surasa esuk iku padha dadi rembug. Nanging Menur datan mendha, saiki wis meh kabeh isen-isene pawon padha mencelat ana njaba. Ompreng, wajan, kendhil lan ember-ember katon pating blesah ngebaki gang kang pancen wis ciut lan rupak iku.
“Eling, eling Nur, kowe kuwi ana apa. Ana perkara ya dirembug aja mung terus ngamuk ngono kuwi,” Surasa sajak ngarih-arih bojone. Nanging Menur kang krungu tembunge Surasa iku malah kepara kaluwih-luwih pangamuke. Sawuse marem bisa ngowat-awut isining pawon, saiki Menur bali mlayu ing njeron ngomah. Saiba kagete Surasa bareng metu ing tangane bojone wis gegem kenceng lading kang kulina kanggo iris-iris ana pawon. Mripate Menur abang angatirah, prasasat mripate Bethari Durga kang lagi kalab lan kobar atine.
“Saiki ngaku ora kowe, wong edan,” tembunge Menur klawan ngrangsang awake Surasa. Tujune Surasa pinter ngendhani lan murih ora kedawa-dawa bratayuda esuk kuwi, Surasa tumuli nyengklak becake lan nggeblas. Menur amung bisa mencak-mecak nalika meruhi Surasa wis ilang ing enggokan gang lan tumuju dalan gedhe.
Srengenge wis katon dhuwur, panase wis krasa sumelet. Sadawaning dalan pating sumliwer kendharaan oyak-oyakan ninggalake lebu kang kasaut angin terus sumebar ing akasa, kang wekasane tumiba ing pucuk-pucuk suket. Siji loro pemulung wis katon nlusur sauruting dalan klawan kranjang ing gegere. Jangkahe katon kaseret klawan pandeleng landhep,mbokmanawa ana barang kang bisa dijupuk kanggo ngiseni kranjange lan ateges dina kuwi entuk-entukane mentes.
Dene Surasa terus nggenjot becake nurut dalan sing kulina dadi areal makaryane. Atine isih geter campur getir nanduki lelakon sing nembe wae tumama ing uripe dina iku. Salawase urip bebrayan karo Menur lagi iki Surasa ngrasakake yen wong wadon kuwi ngetokake pangeram-eram. Banjur apa sebabe? Iki kang teka iki dadekake Surasa tetep bingung. Bingung setaun jembleng sarendheng. Ana underan apa geneya bojone bisa munclak kanepson prasasat kaya ngeleg-elega jagad. Katlusur mbokmanawa ana kang salah tumrap dheweke, nanging tetep wae Surasa ora kuwawa mbuka.
Sawuse ngliwati prapatan ing penere dalan kang rada lindhuk Surasa ngerim becake. Kepeneran ing sisih tengen dalan ana wit-witan kang edhum, Surasa kepengin lungguhan ana ngisor wit kono pisan nggawe ngarihake napas lan nentremake ati. Becake kainggirake sabanjure medhun lan nentremake ati ana pener ngisor wit trembesi. Angin alus ngobahake gegodhongan sarwa nyisakake hawa silir ing awak, Surasa nyoba unjal ambegan landhung kanggo nguncalake seseging dhadha. Ewasemana tetep ngalela ana tlapukane mripat tumrap tumindake bojone sing katon kliwat wates dina iki.
Rasa nggrantes tan kocapa rumambat ing padoning rasa. Ora krasa ana luh kumembeng ing mripate, nanging sarosane priya kanthi pawakan cilik iki budi, luh iku aja nganti tumetes. Panyawange kepara kabuncang ing awang-awang, katon ana manuk sriti kekejeran nantang sumiyuting angin, mardika, kumeplas ing jagad jembar, tanpa sanggan tanpa panandhang. Ing kene tuwuh panglenggana kang landhep ngiris atine Surasa. Trawang-trawang ngalela ing angen-angene tumrap kahanan uripe sing teka iki isih katindhih ing werna-werna perkara.
Embuh wiwit rekasa kanggo nyukupi kabutuhan padinan, nyukupi sandhang lan pangane anak loro lan bojone, wragat sekolah, kalumrahan, lan kala-kala pepenginan kang ora kena diampah beteke emoh kalah klawan kiwa tengene. Pancen, rerangken kabutuhan sing katone sepele kuwi wae ing pundhake Surasa wis krasa abot, abot temanan. Kuwi wae direwangi awan bengi kudu ngliyeg kanthi becake, kathik wani telat mbayar setoran sewa becak, utang kana utang kene, lan sawernaning kupiya liyane kang nuduhake pambudi kang sarwa rumpil. Tan karasa panggagas iku nuwuhake sagunung rasa dosa, yen jejere wong lanang tan kuwawa mulyakake kulawarga.
“He Surasa, ngapa kowe nyengkruk ana kono?” saweneh swara keprungu sora nratas angen-angene Surasa kang lagi ndedel muluk. Sakala wong lanang iku njola.
“Ngapa kowe thelah-theloh ana kene?” Pardiman kanca mbecake iku nyedhak ing sangisor wit trembesi lan ngambali pitakone.
Surasa ora age-age wangsulan, atine isih getir dening swarane Pardiman kang tanpa sraba-sraba munggel lamunane.
“Ngapa Kang, awakku lagi ora penak,” wangsulane Surasa sakenane.
“Ora, ngono lho. Kowe mau ditakonake karo Si Sarnem, sajak ana kecan apa piye?” Pardiman mesem sajak nggembol rasa cubriya.
“O, nggagas urip wae repot Kang, kok wani-wanine mikir Sarnem.”
“Lho, aja ngono Sa, urip iki wis rekasa, aja mbokpikir kanthi rekasa. Mula kudu ana hiburane. Aja ndlujur, ha…ha…,” Pardiman sing kulina ceplas-ceplos nanduki Surasa klawan ngguyu ngakak.
“Banjur ana apa ta Kang, Sarnem kok nggoleki aku?”
“Lho…. Lha, kowe ta kudune sing luwih ngerti. Isih duwe utang ra?”
“Yen kurangan ya duwe, wong lagi wingi kok wis ditagih, iki wae durung oleh angkatan, sing nggo mbayar apa? Dhengkul?” Surasa ora bisa ngampah rasa mangkel.
“Perkara sabenere aku ya ora ngerti, Sa. Pokok Sarnem meling yen kepethuk kowe, kowe ndang kon mrana,” kandhane Pardiman sajak serius.
Atine Surasa tambah kemetir, gek ana apa iki. Sarnem, randha kang marung pecel iku meling-melingake dheweke. Rumangsane dheweke ora duwe urusan, nanging nadyanta mangkono ora tau-taune wong wadon randha sing kojahe gampang digodha kanca-kancane tukang becak kuwi melingake dheweke. Mesthi iki ana perkara wigati, mangkono batine Surasa kandha. Nanging banjur apa? Kumudu-kudu Surasa jumangkah murih enggal tinarbuka ana lelakon apa maneh ing dina iku. Agahan Surasa menyat saka lungguhane lan nggeblas nuju warunge Sarnem.
Nalika tekan kang katuju, kapinujon kahanan warung rada sepi.
“Ana apa Nem, kok kandhane Kang Pardiman awakmu melingake aku?” ora sranta sawuse lungguh ana lincak Surasa enggal pitakon.
Sarnem ora enggal wangsulan kepara randha kang isih nyisakake praupan kang manis iku mesem kebak teges. Atine Surasa tambah trataban.
“Age Nem kandhakna,” Surasa tambah ora karuwan.
Isih kabuntel esem sarta polatan kang aneh, Sarnem tumuli aweh wangsulan.
“Nanging sepurane dhisik ya Kang, iki duwekmu ta?” kandha ngono Sarnem klawan nuduhake andhuk cilik kanggo lap kringet darbeke Surasa.
“Iya, ning wingi ketoke wis daksaki lan dakgawa bali, ki,” Surasa nanggapi.
“Dudu iki sing mboksaki Kang, mbokmanawa kesusu ana pemehan kono kowe salah nyaut,” Sarnem katon rada klincutan.
“Banjur apa sing dakgawa bali wingi, nganti saiki isih ana sak kathok sijine, iki mau aku kesusu budhale je?” Surasa nlesih klawan sathekruk rasa bingung.
“Kutangku, Kang,” wangsulane Sarnem lirih nanging ing kupinge Surasa kadya gelap mangsa kesanga. Raine Surasa abang branang, mergo keslomot rasa isin.
Bebarengan kuwi kaya tinarbuka geneya bojone esuk mau nesu jaja bang winga-winga. Enggal wae Surasa nyandhak becake lan sarosane nggenjot bali kanggo paweh katrangan klawan Menur. Playune becak terus digelak prasasat kaya lagi diuyak Pak Kartiko, priyayi sugih juragan becak kang kerep nagih setorane. Datan sranta nalika teka dalan cilik mlebu pekarangan omahe Surasa anjlog saka becake lan terus mblandhang mlebu ngomah.
“Nur, Menur….!,” Surasa bengok-bengok.
Nanging njeron ngomah sepi, ora ana wangsulan. Surasa mlebu kamar uga suwung, njujug pawon uga ora ana. Nanduki kahanan iku atine Surasa ketir-ketir, semparet Surasa mlayu menyang mburi. Ing mburi omah uga sepi. Meruhi bojone ora enggal ditemokake, atine Surasa selot katumpukan rasa cubriya. Ana pikiran-pikiran ala kang gumandhul ing angen-angene. Nanging bareng bali menyang ngarep ing kene Surasa digawe kaget klawan sesawangan ing tengah jogan.
Ing tengah jogan ana lading kang gumlethak, lading iku kang esuk mau kagunakake Menur kanggo ngancam awake. Sasisihe lading katon rajoh-rajeh ana barang kang nyubriyani. Surasa nyedhaki, bubar katamatake ora liya kotang. Iya mbokmanawa iki kang dadi panase Menur. Iya barang sepele iki sing dadi underan anane bratayuda ing omahe. Surasa dadi angluh, awake kaya dilolosi. Panyawange rumambat ing nglatar, katon barang-barang kang pating blasah, pating blesar, dadi sara-ara. Geneya barang sepele iku bisa dadi gawe? Batine Surasa pitakon klawan ati thenger-thenger.

4 komentar:

  1. Kaendahaning donya iku paribasan mung katon sakedepan netra mula sira pada nonton marang kahanan kang ana kanggo tepa tuladha marang diri pribadi sira. Sakabehing kadadean mono karana takdir saka Allah gusti kang maha kuasa. Pada elinga Ya...

    BalasHapus
  2. okey pak sri!
    lanjutkan terus!!!!!!!!!!

    BalasHapus