BAB-BAB KANG JAWANI, MURIH TINEMU AYEMING ATI

KLAWAN SIRA KANG TRESNA MRING SASTRA BUDAYA JAWA, NYAWIJI ING KENE

Minggu, 28 Februari 2010

GURITAN : MBURU KATRESNAN

NGENTHA TRESNA


daktemu sendhang bening ing resik pasuryanmu
papan aku nglarung wijiling tresna
nggambar arah pepandoming kapang, sarta
nyandhi pepethan edi manising esemu

ing kene, sadawaning esuk lan sore
dakronce tembung, kareben awakmu nglenggana
aku pindha jaka tarub ing tepining panguripanmu
nunggu nganti kapan ngujiwatmu mboktinggal lelumban

sabubare rembulan wutuh nusuh ing palung wengi
apuranen aku sing kapeksa ngentha kasulistyanmu
nggambar tipis lambemu ing saben erem mripatku
awit aku kepengin tansah kelingan sliramu
ing eling apa ora eling

Karangdowo, Klaten, 2008

WIRAMA TRESNA

mbokmanawa sliramu gelem ngerti, nimas
ana landhep kapang kang bareng turuhing cahya rembulan
nedya lelangen marang wening sendhang ing dhadhamu
ngedum rerumpakan kaendahaning wirama tresna
kekanthen njlajah wewengkon birahi nganti gisiking wengi

nimas, nyata aku wus kegiwang mring lanciping kasamaran
wuru mring lintang kang manjing ing saripatining netramu
coba rungokna kumlesiking dhadha iki wis kekebakan manis
kaselak necep wewironing kanikmatan kang selot ngeglo
tinata cekli sauruting atimu sing winungkus meloking kluwung

nimas,
nanging kenapa sliramu tansah sesingidan ing walik sepi
nlusup ing barisaning alang-alang kang selot kentekan mangsa
ninggalake aku kijenan ing pinggiring impen-impen wengi
sing amung rinengga tetes bun kang nelesi ros-rosaning suket teki

mara gage, tumuruna nimas
mumpung rembulan durung kadohan anggone oncat
mumpung lintang isih sanggem nembangake roncen pemarem
lan tresna durung kebacut kepangan lamising jaman

Karangdowo, Klaten, 2008

NEGESAKE GEGADHANGAN

wis ilang watese
atiku lan atimu manjing ing ulegan tresna
nalika dakrangkul weweging awakmu ing peturon iki
nalika langit mendem cahya kluwung ing sore iku
setitekna, kita bakal tetep gegandhengan
nuju papan sing dadi gegadhangan

apa wus mbokgawe wangi lemah papan kita
nandur ewon kekarepan sing mblasah ing jogan omah
apa wus mbokgawe asri sacuwil pekarangan papan kita
ngracik wijine sih tresna

ing kene, ing sap-sapan napas jiwa
ya kawitane gegadhangan mapag urip sejati
ing antarane mulya apa cilaka
ing antarane sedhela apa langgeng
ing antarane urip apa pati

Karangdowo, Klaten, 2008

2 komentar: